quran suci jarwa jawi — javanese translation and ...2206. talingan, mripat tuwin kulit sami...

239
QUR’AN SUCI DALAH TAFSIRIPUN Maulana Muhammad Ali www.aaiil.org JARWA JAWI

Upload: others

Post on 31-Jan-2021

10 views

Category:

Documents


0 download

TRANSCRIPT

  • QUR’AN SUCI

    DALAH TAFSIRIPUNMaulana Muhammad Ali

    www.aaiil.org

    JARWA JAWI

  • The Holy Quran

    Yasanipun :MaulanaMuhammadAliIngkangAnjarwakaken :R.Ng.H.MinhadjurrahmanDjajasugita&M.MuftiSharifDesignLayout :ErwanHamdani&BasharatAsgharAli

    Cetakan2001

    Darul Kutubil IslamiyahJl.KesehatanIXNo.12JakartaPusat10160Telp.021-3844111

    e-mail:[email protected]

    Website:Indonesia Internasional-www.aaiil.org/indonesia -www.muslim.org-www.studiislam.wordpress.com -www.aaiil.org-www.ahmadiyah.org

  • SURAT 41

    HÂ MÎM

    KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

    (6 ruku’, 54 ayat)

    Pathinipun:

    Ruku’ 1. Pangajak dhateng Kasunyatan. Ruku’ 2. Pèpènget. Ruku’ 3. Pasaksinipun manusa lumawan awakipun piyambak. Ruku’ 4. Para angèstu dipun santosakaken. Ruku’ 5. Dayaning wahyuning Pangéran. Ruku’ 6. Sumebaripun kasunyatan saking sakedhik.

    Katerangan gerban

    Surat punika dipun namakaken mirid aksara pangringkesing tetembungan ingkang kasebut wonten ing ngriki, namung tembung fushshilat, ingkang jawinipun digawé terang, punika dipun wewahaken ing nama punika, kanggé ambédakaken surat punika kaliyan surat sanès-sanèsipun ingkang nunggil golongan. Punika surat ingkang kaping kalih tumrap golongan Hâ mîm. Prakawis babipun ingkang karembag, titimangsaning tumurunipun, tuwin sambetipun kaliyan surat ingkang sampun, sampun kacakup wonten ing katerangan ingkang mangka purwakaning surat ingkang sampun. Ruku’ ingkang kaping sapisan isi pangajak nampeni yakti; ingkang kaping kalih paring pèpènget manawi puguh angemohi; ingkang kaping tiga nyebutaken pasaksining anggotanipun manusa piyambak lumawan angemohi yakti; ingkang kaping sakawan nerangaken bilih para angèstu sami dipun santosakaken kalayan ilham; ingkang kaping gangsal nerangaken dayaning wahyunipun Pangéran, ingkang kawasa anggesangaken para ingkang sami pejah menggah ing budipakertinipun tuwin menggah ing ruhaninipun punapa déné kawasa nyasaraken sasakitipun ruhani manusa. Nanging manawi pèpènget lan bukti-bukti punika sadaya boten dipun gapé, siksa boten kénging dipun singkiri malih, tandhanipun saged dipun seksèni wonten ing sumebaripun yakti, sanajan ta sumebaripun punika kalayan sarenti.

    RUKU’ 1

    Pangajak dhateng Kasunyatan

    1-4. Wewedhar kanggé martosaken bibingah sarta kanggé pèpènget. 5. Angemohi. 6-8. Para anggèstu sarta para kafir.

    Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah Ingkang Mahaasih.

    1 Allah Ingkang-Ingalembana, Ingkang-Minulya.a

    2 Wewedhar saka Ingkang-Mahamurah, Ingkang-Mahaasih:

    a. 2171

  • Hâ Mîm Juz XXIV 1274

    3 Kitab, kang ayat-ayaté di-gawé terang, Qur’an basa Arab tumrap kaum kang weruh:

    4 Juru-amartani bubungah sarta juru-pépéling, ananging dhèwèké sing akèh padha maléngos, mulané padha ora ngrungu.

    5 Lan padha calathu: Atiku iki kaling-kalingan karo apa kang koajakaké marang aku, lan ing kupingku ana tindhihé sarta ing antarané aku lan kowé ana aling-alingé,2198 mulané tumandanga ing gawé, aku iki iya wong kang padha tumandang ing gawé.

    6 Calathua: Aku iki mung manusa sapadhamu; wus winedhar-aké marang aku, yèn sesembahan-mu iku sesembahan kang Sawiji, mulané nuruta dalan kang bener marang Panjenengané sarta nyu-wuna Pangapura-Né; lan cilaka tumrap para manembah-Pangéran-akèh,

    7 Para kang ora padha amèwèh-aké zakat sarta para kafir marang ing akhirat.

    8 Wondéné para kang padha angèstu sarta alaku becik, iku sayekti olèh ganjaran kang tanpa pedhot.

    RUKU’ 2

    Pèpènget

    9-12. Angafiri Ingkang-Anitahaken. 13. Pèpènget kados ingkang dhateng ‘Ad lan Tsamud. 14-18. Bangsa ingkang kados makaten punika dipun punapakaken.

    2198. Dipun pèngetana bilih tutuping manah, sumpeling kuping, tuwin aling-aling punika namung kanggé anedahaken puguhipun para titiyang wau anggènipun sami angemohi yakti. Para titiyang wau sami ambeguguk niyat boten badhé ambikak manahipun, mindhak kalebetan ing yakti, tuwin nemaha nutupi talinganipun (boten purun mirengaken), murih boten mireng ing piwulangipun Kanjeng Nabi

    Ut. ketutu-pan Ar. saka Ar. mitrané kowé

  • Surat 41 Pèpènget 1275

    9 Calathua: Apa ta iya temen kowé iku padha angafiri Ingkang Anitahaké bumi ing dalem rong mangsa sarta apa kowé padha aga-wé sisihan tumrap Panjenengané? Iku Pangéraning ngalam kabèh.

    10 Lan ing kono Panjenengané wus agawé gunung ana ing sadhu-wuré, sarta ambarkahi ing kono, apa déné wus agawé pangané ing kono ing dalem patang mangsa:2199padha karo kang tumrap sing padha ngupaya.2200

    11 Tumuli Panjenengané su-mengka marang langit, lan iki uwab; banjur Panjenengané angan-dika marang iku sarta marang bumi: Tekaa sakaroné, kalawan pambangun turut utawa kalawan peksan. Sakaroné padha munjuk: Kawula kakalih dhateng kalayan pambangun-turut.2201

    Wiwit sakawit mila kados makaten punika sikepipun para titiyang wau dhateng yakti, milanipun nama sampun satrepipun manawi kaecap manah tuwin talinganipun. Dados menggah ing sajatos-jatosipun, kawusanan makaten wau dipun sababaken pandamelipun piyambak.

    2199. Para mufassirin ingkang kathah-kathah sami gadhah panganggep, bilih sakawan mangsa ing ngriki punika kalebet ugi kalih mangsa ingkang sapisan wau, dados gunggung sadaya (kalebet ugi kalih mangsa ing ayat 12) wonten nem mangsa, murih cocogipun kaliyan pratélan ingkang katerangaken marambah-rambah wonten ing panggènan sanès ing Quran, ingkang suraosipun bilih tumitahing langit-langit lan bumi punika wonten ing salebetipun nem mangsa. Nanging panyuraos kula dhateng dhawuh-dhawuh punika boten kados makaten wau. Para mufassirin ing kina inggih sampun sami nafsiri, bilih nitahaken ing salebetipun wekdal nem mangsa utawi nem dinten, punika inggih boten kok walaka samanten wekdalipun nitahaken langit-langit lan bumi wau. Jalaran, sapisan, dina punika wekdal ingkang tartamtu, ingkang dangunipun sésa-sésa manut kawontenanipun ingkang tartamtu bumi lan surya; inggih barang-barang punika ingkang kasebutaken katitahaken ing salebetipun samanten dinten wau. Kaping kalihipun, jalaran “wekdal” punika piyambak, inggih bangsaning titah (JB). Menggah ing sajatos-jatosipun, nem mangsa, utawi kalih mangsa punapa sakawan mangsa ingkang kapangandikakaken wonten ing ngriki, punika ingkang dipun karsakaken tataran-tataraning tumitahipun barang-barang wau. Dados awit saking punika, langit-langit lan bumi katitahaken salebetipun nem mangsa, punika ateges tataran ingkang dipun langkungi langit-langit lan bumi wau nem tataran. Ingkang kapangandikakaken ing ngriki, nem tataran tumrapipun bumi; déné kalih mangsa ing ayat 12, punika sanès malih.

    2200. Suraosipun dhawuh punika, tedha ingkang katitahaken wonten ing bumi, punika tumrap sintena kémawon ingkang ngupados, saged pikantuk.

    2201. Ingkang dipun karsakaken ing ngriki punika angger-anggering Pangéran ingkang makardi wonten ing saindhenging bawana; sagung dumadi teluk dhateng angger-angger.

    Ar. piku-waté

  • Hâ Mîm Juz XXIV 1276

    12 Tumuli iku Ditamtokaké dadi langit pitu ing dalem rong mangsa sarta Panjenengané medharaké prakarané ing siji-sijining langit; sarta Ingsun angrengga langit kang endhèk kalawan lintang-lintang kang gumebyar tuwin (iku Ingsun dhawuhi) anjaga;a iki pepesthèné Ingkang-kinawasa, Ingkang-ngu-danèni.

    13 Ananging manawa dhèwèké padha maléngos, banjur calathua: Aku apépéling marang kowé siksa padhané siksané ‘Ad lan Tsamud.2202

    14 Nalika para utusan anekani dhèwèké saka sangarepé lan saka saburiné,2203 kalawan acalathu: Aja padha angabdi (sapa-sapa) kajaba Allah, padha acalathu: Manawa Pangéranku angarsakaké, amasthi Panjenengané anurunaké para malaikat, lah sayekti aku iki wong kang angafiri marang barang ga-wanmu kautus.

    15 Wondéné ‘Ad iku padha gumedhé ing bumi kalawan ora bener sarta padha acalathu: Sapa sing luwih teguh tinimbang aku

    2202. Tigawelas ayat ingkang wiwitan ing surat punika kawaos Kanjeng Nabi Suci nalika ‘Utbah bin Rabi’ah sowan ing panjenenganipun wigatos andhatengaken welinganipun titiyang Quraisy. Suraosing welingan, Kanjeng Nabi kasuwun ngèndeli anggènipun ngawon-awon sesembahanipun tuwin anggènipun nglepataken tindakipun; manawi Kanjeng Nabi karsa minangkani punika, titiyang Quraisy sagah badhé anjumenengaken Kanjeng Nabi dados sesepuhipun bangsa Quraisy, utawi nyaosi panjenenganipun tiyang èstri ingkang sakalangkung éndahing warni supados kagarwa, utawi ngempalaken raja-brana kagem panjenenganipun.

    Nalika ‘Utbah sampun ngaturaken welinganipun titiyang Quraisy wau, Kanjeng Nabi lajeng maos ayat-ayat punika. Nanging sareng pamaosipun Kanjeng Nabi dumugi ayat 13, ingkang suraosipun memèngeti titiyang Makkah bab nasib ingkang kasandhang titiyang ‘Ad tuwin titiyang Tsamud, ‘Utbah lajeng nyuwun kalayan sanget dhateng Kanjeng Nabi supados boten nerusaken anggènipun ngandikan; ‘Utbah lajeng wangsul pinanggih titiyang Quraisy andhatengaken jawabanipun Kanjeng Nabi (Rz).

    2203. Nabi-nabi rawuh saking ngajengipun lan saking wingkingipun, punika ateges anggènipun para andika nabi wau tansah anggelar-gelaraken kayektèning kautusipun dhateng umatipun sarana

    a. 2101

  • Surat 41 Pasaksinipun manusa lumawan awakipun piyambak 1277

    kakuwatané? Apa ta dhèwèké pa-dha ora andeleng, yèn Allah, Kang anitahaké dhèwèké iku luwih teguh tinimbang dhèwèké kakuwatané, sarta dhèwèké padha angemohi marang timbalan-timbalan-Ingsun?

    16 Mulané Ingsun angutus angin riwud anempuh dhèwèké ing da-lem sawatara dina kang nyilakani, purih Ingsun dhèwèké angicipana siksa kang ngasoraké ing dalem kauripan donya iki, lan sayekti siksaning akhirat iku luwih anga-soraké, sarta dhèwèké ora bakal padha tinulungan.2204

    17 Wondéné Tsamud, iku padha Ingsun paringi tuntunan, ananging padha demen mamak tinimbang tuntunan,2205 mulané pidana siksa kang angasoraké anibani dhèwèké, amarga saka barang kang wus padha dilakoni,

    18 Lan Ingsun anylametaké para kang padha angèstu sarta padha anjaga dhiriné (saka ing ala)

    RUKU’ 3

    Pasaksinipun Manusa lumawan awakipun piyambak

    19-23. Pasaksinipun talingan kaliyan mripat. 24, 25. Tindak amurih angènthèngaken kalepatan.

    19 Lan ing dinané para satruning Allah padha diimpun marang geni, dhèwèké banjur bakal dipantha-pantha.

    margi punapa kémawon ingkang sakinten mikantuki. Sawenèh mufassir nyuraos: rawuhipun para nabi saking sacelakipun tuwin saking panggènan ingkang tebih-tebih (JB).

    2204. Titiyang Quraisy dipun pèpèngeti kalayan dhawuh punika, siksa asor ing gesang sapunika, tuwin siksa ingkang langkung asor malih ing akhirat. Dina kang nyilakani punika tegesipun mangsa asat.

    2205. ‘Ami (wuta), punika sacara ngibarat kénging dipun anggé tumrap manah, tegesipun sasar.Gathukipun teges kakalih punika: boten sumerep margi ingkang leres utawi boten nganggé margi ingkang leres (Msb), utawi wuta manahipun (LL).

  • Hâ Mîm Juz XXIV 1278

    20 Nganti, satekané ing kono, pangrunguné lan pandhelengé sarta kulité padha aneksèni marang dhèwèké tumrap apa kang wus padha dilakoni.2206

    21 Lan bakal padha calathu marang kulité: Yagéné kowé anek-sèni tumrap marang aku? Padha mangsuli: Allah kang andadèkaké samubarang calathu, iku andadèk-aké aku padha calathu, lan Panje-nengané iku kang anitahaké kowé sakawit, sarta marang Panjene-ngané anggoné kowé bakal padha dibalèkaké.

    22 Lan kowé iku ora anutupi awakmu dhéwé amurih pangru-ngumu aja aneksèni ing kowé, mangkono uga pandelengmu lan kulitmu, ananging kowé aja padha nyana, yèn Allah iku, apa kang padha kolakoni, sing akèh ora Ngudanèni.

    23 Lan panyanamu (ala), kang koanggo nyana ing Pangéranmu, iku, kang anibakaké awakmu ing karusakan; mulané kowé dadi panunggalané para wong kang kapitunan.

    24 Lah manawa dhèwèké padha betah, pancén geni iku padunu-ngané, sarta manawa padha nyu-wun parimarma, lah dhèwèké iku dudu panunggalané para kang padha kaparingan parimarma.

    2206. Talingan, mripat tuwin kulit sami aneksèni, punika nedahaken kayektèning angger-angger, ingkang mlanggeri bilih wohing pandamel awon, punika mesthi badhé cumetha wonten ing anggota ingkang kanggé nindakaken pandamel awon wau ugi. Ing alam wadhag kita inggih sami anyipati, pundi anggotaning badan ingkang tumindhak anulayani kudrat, mesthi badhé nandhang wohipun ingkang awon. Lah makaten ugi ing alam ruhani.

  • Surat 41 Para angèstu dipun santosakaken 1279

    25 Lan Ingsun wus anamtokaké kanthi tumrap dhèwèké,2207 iki banjur amaès-maèsi tumrap dhè-wèké apa kang ana ing ngarepé lan apa kang ana ing buriné, sarta sabda iku nyata anibani dhèwèké antarané para umat jin lan manung-sa kang wus kaliwat sadurungé dhèwèké – sayekti dhèwèké iku bakal dadi wong kang padha kapi-tunan.

    RUKU’ 4

    Para angèstu dipun santosakaken

    26-29. Pangrékadayanipun para kafir amepeti Qur’an. 30-32 Para angèstu dipun kiyataken déning malaikat.

    26 Para kang padha kafir acala-thu: Aja padha angrungokaké ma-rang Quran iki sarta padha gègèr ana ing jeroné, mbokmanawa kowé padha bakal olèh kamenangan.

    27 Mulané para kang padha kafir yekti bakal padha Ingsun icipaké siksa kang abot, sarta yekti padha Ingsun pituwasi panggawéné ala kang wus padha dilakoni.

    28 Ya iki pituwasé para mung-suhing Allah – geni; ana ing kono bakal padha olèh omah padunu-ngan kang suwé; pituwas anggoné padha angemohi ing timbalan-timbalan Ingsun.

    29 Lan para kang padha kafir bakal calathu: Pangéran kawula! mugi Tuwan anyerepaken kawula ing jin tuwin manusa ingkang na-saraken kawula, badhé sami kawula

    2207. Mitra punika mitra tiyang duraka, inggih punika ingkang mamaési siksaning pandamelipun ingkang awon ing bénjing tumrap piyambakipun.

  • Hâ Mîm Juz XXIV 1280

    damel idak-idakan ing sangan-dhaping dalamakan kawula, supa-dos piyambakipun sami dados panunggilipun para ingkang sanget asor.

    30 Wondéné para kang padha calathu: Pangéran kawula punika Allah, tumuli tetep angambah ing dalan kang bener, padha tumurun para malaikat marang dhèwèké, tembungé: Aja padha kuwatir sarta aja padha susah, tampanana kabar bubungah, yaiku taman kang wis dijanjèkaké marang kowé:

    31 Aku iki kang rumeksa kowé ing dalem kauripan donya sarta ing akhirat, lan ing kono kowé bakal olèh apa kapéngining jiwamu sarta ana ing kono kowé bakal olèh apa kang padha kok suwun:2208

    32 Pasugatan saka Ingkang-Apa-ramarta, Ingkang-Mahaasih.

    RUKU’ 5

    Dayaning Wahyunipun Pangéran

    33-36. Anulak awon asarana saé. 37-39. Wewedhar sabda punika ambekta papadhang sarta anggesangaken. 40-43. Panggorohan boten saged makaten 44. Jampi.

    33 Lan sapa sing luwih becik ing pangucap tinimbang wong kang anguwuh marang Allah sarta dhèwèké iku anglakoni panggawé becik tuwin acalathu: Sayekti aku iki panunggalané wong kang padha sumarah?

    2208. Ayat punika saha ayat ing sadèrèngipun, kalayan terang anedahaken bilih tumurunipun para malaikat dhateng para angèstu punika inggih nalika wonten ing gesang sapunika-punika, inggih punika perlu paring pawartos bibingah, murih para angèstu wau boten nandhang kuwatos. Klèntu manawi dipun suraos bilih tumurunipun malaikat wau bénjing ing akhirat. Panglipur ingkang kados makaten wau dipun betahaken sanget, punika wonten ing gesang sapunika punika, inggih punika ing kalanipun para angèstu kinaniaya tuwin siniya-siya, tuwin nalika panguwaos awon sajak katingal badhé menang .

    kaliyan para angèstu. Dhawuh punika anedahaken kalayan

  • Surat 41 Dayaning wahyunipun Pangéran 1281

    34 Lan ora padha becik iku karo ala. Tulaken (ala iku) kalawan kang luwih déning becik,a lah satemah, wong kang mungsuhan antarané sira karo dhèwèké, bakal dadi kaya mitra sinarawèdi.

    35 Lan ora ana kang pinaringan iku kajaba para kang padha sabar sarta ora ana kang kaparingan iku kajaba kang duwé kabegjan gedhé.

    36 Lan manawa sétan anggoné nyanyampuri bakal anjalari sira ala, lah nyuwuna anglindhung ing Allah;2209 sayekti Panjenengané iku Ingkang-Miyarsa, Ingkang-Angudanèni.

    37 Lan sawenèhing tandha-tan-dha-Né yaiku wengi lan raina, sarta srengéngé lan rembulan; aja sira padha (sumungkem) ing sre-ngéngé lan aja (sumungkem) ing rembulan; lan padha sumungkema ing Allah, kang anitahaké iku kabèh, manawa marang Panjene-ngané anggonira padha ngabdi.

    38 Ananging manawa dhèwèké padha gumedhé, lah para kang padha ana ngarsaning Pangéranira padha mahasucèkaké Panjene-ngané ing wengi lan raina sarta padha ora sayah.a

    terang bilih inggih nalika wonten ing donya ngriki punika anggènipun sami tampi panglipur makaten punika. Ing akhirat, ing gesang sasampuning pejah, malaikat nyriyosi para angèstu bilih sami dipun reksa saking mengsah-mengsahipun nalika wonten ing gesangipun ingkang sampun, punika nama tanpa teges.

    2209. Ayat ingkang sampun, mulangaken: nulak awon kalayan saé. Ayat punika paring usada sanès malih kanggé ambirat awon. Miturut Rgh nazg punika jawinipun nyampur utawi ngridu dhateng satunggaling prakawis kanthi seja badhé adamel wisuna, sarta tembung wau dipun agem wonten ing 12: 100 kalayan mengku teges makaten punika. Ing ngriki Kanjeng Nabi dipun paringi dhawuh, manawi pakaryanipun dipun riridu ing tiyang ingkang nindakaken awon, Kanjeng Nabi ingandikakaken nyuwun pangayoman dhateng Gusti Allah; pitulunging Pangéran, ingkang tansah angrawuhi para titiyang tulus, mesthi badhé anyirnakaken pangridu wau tuwin badhé adamel menangipun yakti.

    Ar. lan ora

    a. 1927

    Ar. antara-né dhèwèké

    a. 978

  • Hâ Mîm Juz XXIV 1282

    39 Lan sawenèhing tandha-tan-dha-Né yaiku déné sira andeleng bumi iku meneng baé, ananging samangsa Ingsun anurunaké banyu ing kono, (banjur) obah sarta mbe-dhodhok;2210 sayekti, Kang-angu-ripaké (bumi) iku Kang-anguripaké wong mati; sayekti Panjenengané iku marang samubarang kawasa.

    40 Sayekti, para kang ing (bab) timbalan-timbalan-Ingsun padha malèncèng, iku ingatasé Ingsun ora sumingid. Lah apa ta wong dicem-plungaké ing geni iku luwih becik, apa ta kang ing dina kiyamat teka kalawan slamet? Padha nglakonana apa sakarepira; sayekti Panjene-ngané iku marang apa kang padha sira lakoni Udani.

    41 Sayekti para kang padha angafiri marang Pépéling nalikané iki anekani dhèwèké, lan sayekti, iku Kitab kang-kinawasa.

    42 Panggorohan ora bakal tu-meka mrono, saka ngarepé lansaka ing buriné; Wewedhar saka Ingkang-Wicaksana, Ingkang-Inga-lembana.

    43 Ora ana kang dipangandikak-aké marang sira, kajaba apa kang temen wus dipangandikakaké ma-rang para utusan ing sadurungira; sayekti Pangéranira iku temen Ingkang-kagungan pangapura sarta Ingkang-kagungan wawales kang nglarani.

    2210. Bumi meneng tegesipun siti cengkar lan boten wonten thuthukulanipun; ébah, tegesipun gesang, déné ambedhodhok tegesipun nukulaken tataneman. Punika sadaya ngibarat. Wondéné maksudipun, samasa wahyuning Pangéran angrawuhi manusa, manah ingkang pejah dados gesang. Dhawuh sambetipun andhawuhaken migatosaken bab prakawis punika. Kasiyatipun jawah tumrapipun siti kanggé nyanépakaken kasiyatipun Quran tumrap manahipun manusa. Dados punika ateges dhawuh

    Ut. tentrem

    Ar. lan ora

  • Surat 41 Sumebaring kasunyatan 1283

    44 Lan saupama iku Ingsun da-dèkna Qur’an basa manca amasthi dhèwèké bakal padha calathu: Yagéné timbalan-timbalané ora digawé cetha. Apa! basa manca karo basa Arab!2211 calathua: Iku tumrapé para kang padha angèstu pituduh lan tamba;2212 lan (tumra-pé) para kang padha ora angèstu ing kupingé padha ana bandhulélan iku ingatasé dhèwèké pepe-teng; iku bakal diuwuh saka pang-gonan kang adoh.

    RUKU’ 6

    Sumebaring kasunyatan saking sakedhik

    45-47. Pidana punika sampun tamtu. 48. Sesembahan palsu boten badhé tutulung. 49. Manawi kataman babaya, sami mutung, pepes pangajeng-ajengipun. 50. Maiben dhateng titining mangsa. 51. Panyuwun dhateng biratipun punika. 55-54. Kasunyatan saya angsal papan.

    45 Lan sayekti, temen Ingsun wus amaringi Kitab Musa, ana-nging ing dalem prakara iku dhè-wèké padha sulaya; lan saupama ajaa wis ana sabda saka Pangéran-ira, amasthi antarané dhèwèké wus dipancasi; lan sayekti dhèwèké iku temen dumunung ing dalem se-mang-semang tumrap prakara iku.

    migatosaken pasaksèn ing kasunyatanipun Quran. Tembung wong mati ingkang wonten ing ukara “Kang-Nguripaké wong mati” punika tegesipun tiyang ingkang pejah ruhaniyahipun.

    2211. Sajakipun ingkang dipun karsakaken ing ngriki, punika piweca-piweca ingkang mecakaken badhé rawuhipun satunggaling Nabi dharah Isma’il utawi bangsa Arab. Ayat candhakipun nyebutaken Kanjeng Nabi Musa, punika ngiyataken paham punika. Kanjeng Nabi Musa mangandikakaken kalayan cetha satunggaling nabi ingkang kados sariranipun piyambak ingkang rawuh saking antawisipm, sadhèrèkipun Israil, ingkang boten sanès kajawi inggih tiyang Isma’il.

    2212. Ing ngriki Quran kasebut usada, awit Quran punika pancèn usada tumrap sasakit-sasakit ruhani ingkang mratah ing jagad. Quran sampun kacihna anggènipun dados usada, awit Quran sampun anggarap satunggaling bangsa ingkang ketaman ing mamalaning ruhani tuwin budipakarti ingkang sakalangkung anggigilani, suprandéné boten ngantos sapra sakawan abad dangunipun, saindhenging nagari lan sagemblenging bangsa wau sampun saged kabirat saking sasakitipun wau. Kasiyatipun angusadani Quran wau, boten namung kawatesan wonten ing tanah Arab kémawon, nanging najan ing dinten sapunika punika ugi, sadaya umat ing salumahing bumi punika sami aneksèni katijasanipun Quran angusadani tur ingkang kalayan peng-pengan wau, ngantos para titiyang ingkang boten nganggé agami Islam pisan tumut kesrambahan saged ngalap piguna dhateng kasiyatipun usada Quran wau. Malah-malah, ing sawenèh prakawis, langkung katimbang titiyang Muslimin piyambak.

    Ut. tindhihé, botboté

  • Hâ Mîm Juz XXV 1284

    46 Sapa sing anglakoni kabe-cikan, lah iku makolèhi marang jiwané dhéwé, lan sapa sing ang-lakoni ala, lah iki mitunani marang jiwané dhéwé; lan ora pisan-pisan Pangéranira iku anganiaya marang para kawula.

    JUZ XXV

    47 Disumanggakaké marang Pan-jenengané kawruh titining mangsa iku. Lan ora ana wetuning woh sa-ka ing slagané, sarta ora ana ngan-dhegé wong wadon, tuwin ang-goné nglahiraké, kajaba kalawan uningané Panjenengané; lan ing dinané Panjenengané bakal anda-ngu dhèwèké: Endi (kang padha koanggep) sakuthu-Ningsun? Bakal padha munjuk: Kawula sami apra-téla ing Tuwan, kawula sami boten wonten ingkang dados saksi.2213

    48 Lan apa kang padha diuwuh biyèn, bakal ilang saka ing kono,sarta dhèwèké bakal weruh teme-nan, yèn ora bisa dhèwèké padha oncat.

    49 Ora bakal padha bosen manusa iku anyunyuwun kang becik, lan manawa riribed ange-nani awaké, banjur mutung, pepes pangarep-arepé.

    50 Lan manawa dhèwèké Ingsun icipaké nugraha saka Ingsun ing sawisé nandhang sangsara, masthi bakal padha calathu: Iki anuku (dhéwé),2214 aku ora ngandel, yèn titining mangsa iku bakal kalakon,

    2213. Punika ateges bilih samasa siksa punika andhawahi para titiyang wau, para titiyang wau sampun boten saged punapa-punapa malih.

    2214. Dhawuh punika anedahaken boten sukuripun manusa tumrap nugrahanipun Pangéran. Piyambakipun boten purun ngrumaosi bilih paparing ingkang sampun katampi punika mijil saking

    Ar. iku

    Ut. angu-wuh

    Ar. dhèwèké

  • Surat 41 Sumebaring kasunyatan 1285

    lan yèn aku dibalékaké marang Pa-ngéranku, amasthi ana ing ngarsa-Né aku bakal éntuk kang becik temenan; ananging Ingsun yekti bakal anjalèntrèhaké marang para kang padha kafir tumrap apa kang wus padha dilakoni, lan yekti bakal padha Ingsun icipaké siksa kang abot.

    51 Lan samangsa Ingsun aparing nugraha marang manusa, iki banjur maléngos sarta sumangkéan; lan samangsa kataman riribed, banjur olèhé nyunyuwun anggalur.

    52 Calathua: Kapriyé panemu-mu, manawa iku saka ngarsaning Allah, banjur kowé angafiri iku, sapa sing luwih sasar tinimbang wong kang kaliwat-liwat anggoné milawani?

    53 Ingsun bakal tumuli meruh-aké dhèwèké tandha-tandha-Ning-sun ing talatah kang adoh-adoh sarta ing kalangané kaumé dhè-wèké,2215 nganti tétéla gamblang tumrap marang dhèwèké, yèn iku satuhu nyata. Apa ora wis cukup tumrap Pangéranira, déné Panjene-ngané iku marang samubarang aneksèni?

    kadarmanipun Pangéran, wangsul malah sami wicanten “iki duwèkku,” liripun: iki anggonku golèk-golèk dhéwé, tuwuh saka pambudi-dayaku dhéwé, dadi wis beneré aku olèh iki. Piyambakipun lajeng maiben ing wontenipun pancasan (dinten kiyamat).

    2215. Para titiyang kathah saking tapel watesing tanah Arab tuwin saking antawisipun titiyang Makkah piyambak, sami ketarik dhateng Islam. Punika dados tandhayekti ingkang terang, bilih kasunyatan punika terus ngangseg majeng, sanajan ta dipun mengsahana di kados punapa, tuwin dados tandhayekti ingkang terang, bilih wonten asta ingkang boten kasatmata makardi biyantu ing Kanjeng Nabi Suci; awit upami botena kados makaten, yekti mengsah ingkang kiyat saha ingkang sarosa milawani Islam wau mesthi kelampahan sampun saged nyirnakaken babar pisan agami Islam. Punika dados tandhayekti tumrap para titiyang Makkah. Nanging tembung âfâq, ingkang tegesipun wates utawi buntasing bumi, utawi tembinging bumi ingkang tebih piyambak, punika anedahaken bilih suraosipun punika: Islam badhé mradini laladan ingkang tebih-tebih ing bumi punika, déné anfusihim ateges bangsanipun piyambak, inggih punika titiyang Arab. Punapa ingkang kasebutaken wonten ing dhawuh punika, makaten: Islam badhé tumunten sumebar, boten namung ing tanah Arab kémawon, nanging ugi

    Ar. angi-nger lam-bungé, anglungani

    Ut. bunta-san bumi Ut. jiwané

  • Hâ Mîm Juz XXV 1286

    54 Lah sayekti dhèwèké iku dumunung ing semang-semang prakara bakal sapatemon karo Pangérané iku; lah sayekti Panje-nengané iku marang samubarang anglimputi.

    ing laladan ingkang tebih-tebih ing bumi, sarta piweca punika kasebut wonten ing surat ingkang tumurun nalika jaman wiwitan ing Makkah, inggih punika nalika para Muslimin ingkang sakedhik cacah jiwanipun dipun aniaya ingkang sakalangkung sanget, tuwin nalika agami Islam katingal sakedhik sanget pangajeng-ajengipun angsal pandhèrèk wonten ing pundi kémawon.

    ____________

  • SURAT 42

    ASY-SYÛRÂ

    (Pirembagan)

    KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

    (5 ruku’, 53 ayat)

    Pathinipun:

    Ruku’ 1. Wilasanipun Pangéran anggè-Nipun aparing pèpènget. Ruku’ 2. Pancasan badhé dipun paringaken. Ruku’ 3. Purba-wisésaning Allah punika adil. Ruku’ 4. Para mukminin kedah sabar. Ruku’ 5. Wahyuning Pangéran punika nuntun dhateng leres.

    Namanipun

    Punika surat ingkang kaping tiga tumrap golongan Hâmîm, namanipun Asy-Syûrâ utawi Pirembagan. Nama punika piridan saking ayat 38, ingkang maréntahaken dhateng para Muslimin supados tansah ngawontenaken pirembagan tumrap sadaya prakawis ingkang wigatos. Dhawuh punika masang papréntahan mawi pirembagan (majlis syura) utawi papréntahan mawi parlemén.

    Gathuking suraosipun tuwin babipun ingkang kawarsitakaken

    Bab prakawis titimangsanipun nalika katurunaken tuwin gathuking suraosipun, mirsanana katrangan ingkang mangka purwakaning surat 40. Surat ingkang sampun-sampun mangandikakaken bab kadadosanipun angemohi yakti, surat punika lajeng mangandikakaken bilih wilasanipun Pangéran punika sami-sami sifating Pangéran menang utawi anglimputi piyambak, awit saking punika ruku’ ingkang kaping sapisan nerangaken bilih Pangéran maringi pèpènget punika ugi dumunung maringi wilasa, awit Panjenenganipun kepareng amedharaken punapa ingkang dados keparenging karsa-Nipun lumantar nabi-nabi-Nipun, mangka para malaikat-Ipun inggih sami nyuwunaken pangapunten tumrap para manusa. Dados Allah punika sajatos-jatosing Dhat Ingkang-Ngayomi, sarta inggih lantaran pèpènget wau wontenipun tiyang sagolongan katarik dhateng pangayomanipun Allah ingkang adhadhasar sih-wilasa. Ruku’ ingkang kaping kalih nyebutaken bilih Pangéran mesthi maringi pancasan kanggé mancasi pasulayan. Ruku’ ingkang kaping tiga nerangaken bilih garapipun Allah dhateng manusa punika adil sanget, boten wonten satunggal kémawon tiyang ingkang kalebur kanthi boten adil. Ruku’ ingkang kaping sakawan dhawuh anggatosaken dhateng kawontenan nyata, bilih nadyan tiyang ingkang atindak dédé pisan, boten tumunten lajeng dipun pidana margi pepékanipun, wangsul Allah kepareng nyabaraken malah ngantos kepareng ambirat kasusahanipun punapa, awit Panjenenganipun punika Dhat Ingkang-Nitahaken. Awit saking punika para mukminin kedah angentosi kalayan sabar, sarta salebetipun angentosi wau kedah sami nindakaken kasaénan miturut pitedah ingkang sampun kaparingaken dhateng piyambakipun. Ruku’ ingkang wekasan piyambak nerangaken bilih Quran punika wahyuning Pangéran, kawasa nuntun dhateng leres, milanipun para ingkang sami boten purun andhèrèk pitedahipun Quran, mesthi badhé ngalami piyambak awakipun dumunung wonten ing kawontenan awon ingkang nusahaken.

    __________

  • Pirembagan Juz XXV 1288

    RUKU’ 1

    Wilasanipun Pangéran anggèn-Ipun aparing pèpènget

    1-4. Allah punika tansah medharaken karsa-Nipun dhateng para Nabi. 5. Para malaikat sami anyuwunaken pangapunten sadaya tiyang ingkang wonten ing bumi. 6. Allah punika angreksa samukawis. 7. Kanjeng Nabi apaparing pèpènget. 8. 9. Allah punika pangayoman satuhu.

    Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang Mahaasih.

    1 Allah Ingkang-Ingalembana, Ingkang-Minulya,a

    2 Ingkang-Ngudanèni, Ingkang-Miyarsa, Ingkang-Kawasa.2216

    3 Kaya mangkono Allah, Ing-kang-Kinawasa, Ingkang-Wicak-sana, anggoné aparing wewedhar marang sira lan marang para ing sadurungira.

    4 Kagungané Panjenengané sa-barang kang ana ing langit-langit lan sabarang kang ana ing bumi, sarta Panjenengané iku Ingkang-Mahaluhur, Ingkang-Agung.

    5 Mèh baé langit-langit padha sigar saka ing dhuwuré, sarta para malaikat padha mahasucèkaké kala-wan pangalembana ing Pangérané lan padha nyuwunaké pangapura para kang ana ing bumi;2217 lan sayekti Allah iku Ingkang-Apara-marta, Ingkang-Mahaasih.

    2216. Aksara kakalih ingkang wiwitan sami kados déné ingkang wonten ing wiwitaning surat angka 40. Aksara titiga ingkang kantun, ‘ain punika ‘alîm, tegesipun Ingkang-Ngudanèni, sin punika sami’, tegesipun Ingkang-Miyarsa, qaf punika qadîr, tegesipun Ingkang-kawasa.

    2217. Suraosipun, durakanipun manusa punika murugaken énggal katurunan siksa: nanging sih wilasanipun Allah nahan siksa wau. Ing panggènan sanès langit pecah punika dipun agem kalayan mengku teges, Pangéran boten rena dhateng piwulang bab kapangérananipun Kanjeng Nabi ‘Isa. Boten renanipun Pangéran dhateng kadurakanipun manusa punika sakalangkung sanget, nanging sifat asih-Ipun menang kaliyan punapa kémawon, ngantos para malaikat sami nyuwunaken pangapunten ing

    a. 2171

  • Surat 42 Wilasanipun Pangéran 1289

    6 Wondéné para kang padha angalap pangayoman saliyané pan-jenengané, iku Allah kang anjaga marang dhèwèké, lan dudu kowé kang angreksa marang dhèwèké

    7 Lan kaya mangkono anggon-Ingsun aparing wewedhar marang sira Quran basa Arab, supaya sira apépéling marang baboning Naga-ra sarta sapa (kang ana ing) sakiwa tengené tuwin (supaya) sira apé-pélinga (ananing) dina himpunan, kang wis tanpa ana semang-semangé;2218 sabagéan ana ing sajroné taman lan sabagéan ana sajroning geni mulad-mulad.

    8 Lan saupama Allah angar-sakna, amasthi dhèwèké padha didadèkaké umat sawiji, ananging Panjenengané anglebokaké marang wilasa-Né sapa-sapa sing dadi karsané, sarta para atindak dudu ora bakal ana sing ngreksa sarta ora bakal ana sing mitulungi.

    9 Apa ta dhèwèké padha anga-lap pangreksa saliyané Panjene-ngané? Ananging Allah iku Sang Pangreksa, sarta Panjenengané iku anguripaké para kang mati tuwin Panjenengané iku marang samu-barang kawasa.

    para manusa. Para malaikat sami nyuwunaken pangapunten ing para manusa, punika anedahaken bilih inggih Allah Pribadi ingkang karsa badhé ngapunten ing manusa. Pandamelipun manusa boten murugaken pantes angsal pangapunten, nanging ngapunten punika sifatipun Pangéran, sarta sifating Pangéran wau tumandukipun mawi lantaran prihatosipun para malaikat. Sifat-sifat ingkang dipun anggé mungkasi ayat punika, ngiyataken katrangan ingkang makaten wau.

    2218. Dinten himpunan, yaumu-l-jam’ ing ngriki punika sajakipun ingkang dipun karsakaken perangipun ingkang sapisan titiyang Muslimin kaliyan titiyang kafir Makkah; ing ngriki titiyang Muslimin kasebut golongan ingkang wonten ing suwarga, inggih punika golongan ingkang menang, déné titiyang kafir Makkah kasebut golongan ingkang wonten ing latu murub, inggih punika golongan ingkang badhé nemahi kawon. Dados ingkang makaten punika mecakaken badhé kamenanganipun golongan Muslimin tuwin kawonipun golongan kafir. Ayat candhakipun saya adamel cethanipun ingkang makaten wau, sarana anerangaken bilih para angèstu badhé kalebetaken dhateng sihipun

    Ut. ibu negeri

  • Pirembagan Juz XXV 1290

    RUKU’ 2

    Pancasan badhé kaparingaken

    10-12. Allah amancasi sadaya sulaya. 13. Agamanipun para nabi ingkang sanyata. 14. Wancinipun sampun tinamtu. 15. Pasulayan masthi kalampahan. 16 Pidananipun para kafir. 17, 18. Titimangsa sampun celak. 19. Kakiyatan sarta kawasanipun Allah.

    10 Lan kowé padha sulaya ing dalem apa baé, Pancasané ana ing (astaning) Allah; iku Allah Pangé-ranku; marang Panjenengané suma-rahku sarta marang panjenengané anggonku tansah bali.

    11 Ingkang anitahaké langit-langit lan bumi; Panjenengané andadèkaké jodho tumrap marang sira saka ing awakira, mangkono uga jodho tumrap rajakaya, ing kono sira padha didadèkaké aba-branahan; ora ana sawiji-wiji kang kaya èmper-èmperé Panjenengané; lan Panjenengané iku Ingkang-Miyarsa, Ingkang-Angudanèni.2219

    12 Kagungané Panjenengané ge-dhonging langit-langit lan bumi iku; Panjenengané angombèraké sarta anyumpi rijeki, tumrapa sapa kang dadi karsa-Né; sayekti Panje-nengané iku marang samubarang Uninga.

    13 Panjenengané wus ane-rangaké agama tumrap sira apa kang wus didhawuhaké marang

    Pangéran, tegesipun dhateng suwarga, déné para titiyang Makkah ingkang atindak dédé, badhé nandhang apes tanpa wonten ingkang mitulungi tuwin tanpa wonten ingkang ngayomi, inggih punika kawontenan latu murub.

    2219. Pangéran punika tan kena kinaya ngapa, tikel tekuk gulung angungkuli sadaya pangertosan wadhag, ngantos boten saged dipun kanthak-kanthakaken kados punapa Panjenenganipun punika, najan namung ngibarat kémawon inggih boten saged; awit, boten namung “boten wonten satunggal punapa ingkang kados Panjenenganipun” kémawon nanging kados déné ingkang kasebutaken ing ngriki, boten wonten barang ingkang kados èmper-èmpering Panjenenganipun. Kados makaten pangertosanipun Islam ingkang murni dhateng bab Gusti Allah, boten kénging ginayuh ing akaling manusa. Panjenenganipun punika boten namung angungkuli sadaya ingkang sifat wadhag kémawon, nanging dalasan ibarat kémawon, boten saged anggayuh ing Panjenenganipun.

    Ut. mrato-bat

    Ut. antara-nira

  • Surat 42 Pancasan badhé kaparingaken 1291

    Nuh sarta kang wus Ingsun we-dharaké marang sira tuwin apa kang wis Ingsun dhawuhaké ma-rang Ibrahim lan Musa sarta ‘Isa, yaiku; dijejeg ing pambangun-turut sarta ing kono aja padha pepeca-han;2220 abot ing atasé para musrik apa panga-jakira marang dhèwèké, Allah amilih piyambak sapa sing dadi karsané, sarta anuntun marang Panjenengané sapa kang tansah madhep (marang Panjenengané).

    14 Lan dhèwèké ora padha pisah-pisah kajaba sawisé padha katekan kawruh, amarga saka anggoné padha arebut unggul: lan saupama sabda saka Pangéranira oraa wus dhumawuh dhisik, tume-ka ing wayah kang wus tinamtu, amasthi dhèwèké padha kapanca-san; lan sayekti, para kang padha diwarisi Kitab ing sapungkuré dhèwèké, iku temen padha dumu-nung ing semang-semang kang abanget tumrap (prakara) iku.2221

    15 Mulané lah ajak-ajaka ma-rang iku sarta disantosa angambah dalan kang bener kaya kang wus kaparéntahaké marang sira sarta aja sira manut marang pepénginé kang asor-asor, lan calathua: Aku iki angèstu marang Kitab kang katurunaké déning Allah, sarta aku

    2220. Sampun wiwit nalika jaman wiwitan mila Quran angundhangaken, bilih agami ingkang dipun wulangaken Kanjeng Nabi punika sanès agami anyar, wangsul, menggah ing tatales ingkang mangka dhadhasaripun, punika agami ingkang dipun wulangaken Kanjeng Nabi Nuh, Kanjeng Nabi Ibrahim, Kanjeng Nabi Musa tuwin Kanjeng Nabi ‘Isa. Menggah ing sajatos-jatosipun, dhasar tatalesing Islam inggih dhasar tatalesing sadaya agaminipun para manusa, punika tandhayekti ingkang peng-pengan, ingkang ambuktèkaken ing kayektènipun Islam.

    2221. Titiyang ingkang kapangandikakaken ing ngriki punika para titiyang ingkang ing sapunika kaparingan wasita déning Kanjeng Nabi. Tumrap piyambakipun, pancasanipun dipun sumenèkaken. Tembung dhèwèké ing dhawuh ingkang mungel kang padha diwarisi kitab ing sapungkuré dhèwèké,punika ingkang dipun karsakaken para andika nabi.

    Ut. yèn pa-ngandika-Ningsun

    Ut. bali, tobat

  • Pirembagan Juz XXV 1292

    kadhawuhan tumindak adil ing antaranira; Allah iku Pangéranku lan Pangéranira; aku bakal padha éntuk panggawéku lan sira bakal padha éntuk panggawénira; (saiki) ora ana padudon ing antarané aku lan kowé; Allah bakal angimpun aku kabèh, lan marang Panjene-ngané tujuning paran iku.2222

    16 Wondéné para kang padha amadoni ing dalem prakara Allah ing sawisé pambangun turut kon-juk marang Panjenengané, ing ngarsaning Pangéran paduné bakal tanpa gawé sarta bakal padha katiban bendu tuwin bakal padha olèh siksa kang abot.2223

    17 Allah iku Kang wus anu-runaké Kitab kalawan kasunyatan sarta traju2224 lan apa ta kang bakal meruhaké sira mbokmanawa titi-ning mangsa iku wis cedhak.

    18 Para kang padha ora angèstu marang iku padha anggégé, dénépara kang angèstu padha wedi marang iku, sarta padha weruh yèn iku kanyatan. O, sayekti, para kang

    2222. Dhawuh punika mangandikakaken jaman nalika para titiyang wau babar pisan boten sami purun mirengaken anggènipun mumucal Kanjeng Nabi, mila sapunika panjenenganipun lajeng maringi pèpènget dhateng para titiyang wau, bilih ing dinten nalika golongan kakalih kaimpun, piyambakipun tumunten sami badhé neksèni piyambak wohipun ingkang awon pandamelipun. Kalayan terang dhawuh punika mengku suraos dhawah apipisahan kémawon rumiyin. Inggih pipisahan punika ingkang katuju ing dhawuh: saiki ora ana padudon ing antarané aku lan kowé. Dados sampun terang bilih dalasan wahyu ingkang tumurun nalika jaman wiwitan pisan, sampun wonten piweca ingkang terang bab Hijrahipun Kanjeng Nabi Suci.

    2223. Dhawuh ingkang mungel kang padha amadoni ing dalem prakara Allah ing sawusé pambangun-turut konjuk marang Panjenengané, punika ingkang dipun karsakaken para pandhèrèkipun wahyu ingkang sampun-sampun, awit kitab sucinipun andhawuhaken ambangun-turut dhateng satunggaling nabi ingkang badhé rawuh ing sapengkeripun. Utawi saged ateges, ing sasampunipun para titiyang wau sami ngrasuk Islam (Bd).

    2224. Uruting ukara: Allah anurunaken Kitab lan traju. Traju punika tegesipun angger-angger (Bd, JB), ingkang kanggé nimbang wewenang-wewenang tuwin kawajiban-kawajibanipun manusa. Kula aturi maspaosaken, ing ngriku tembung wadhag dipun agem sacara ruhani déning Quran Suci. Manawi bab punika dipun èngeti punapa mesthinipun, kathah prakawis ingkang angèl-angèl ingkang pinanggih salebetipun marsudi Quran Suci saged ical.

    Ar. antara-nira Ar. anta-rané aku kabèh

    Ar. lan

  • Surat 42 Purba-wisésaning Allah 1293

    puguh amadoni ing dalem prakara titining mangsa, iku temen padha dumunung ing sasar kang banget.

    19 Allah iku Mahawelas marang para kawula-Né; Panjenengané aparing rejeki marang sapa sing dadi karsa-Né; lan Panjenengané iku Ingkang-Prakosa, Ingkang-Kinawasa.

    RUKU’ 3

    Purba-wisésaning Allah punika adil

    20-23. Satunggal-tunggaling tiyang punika ngundhuh tanemanipun. 24. Kasunyatan badhé katetepaken. 25, 26. Allah punika Mahawelas. 27. Mubra-mubru punika nuwuh-aken pamirong. 28, 29. Panjenenganipun anglubèraken wilasa-Nipun tikel matikel.

    20 Sapa sing kapéngin panènan akhirat, Ingsun bakal muwuhi pa-nènané marang dhèwèké; lan sapa sing kapéngin panènan donya, ba-kal Ingsun paringi iku lan ana ing akhirat ora bakal ana panduman.

    21 Apa ta dhèwèké padha duwé sakuthon kang awèh tatanan agama kang ora diparengaké déning Allah? Lan lamun ta oraa wis ana sabda pancasan, sayekti dhèwèkéwis padha diputus; lan sayekti para wong atindak dudu iku bakal padha olèh siksa kang nglarani.2225

    22 Sira bakal andeleng wong kang atindak dudu padha wedi amarga saka apa kang wus padha dilakoni, lan iku masthi tumiba marang dhèwèké; wondéné para kang angèstu lan anglakoni pang-gawé becik iku bakal padha ana ing bumining patamanan kang loh-

    2225. Tembung pancasan punika pancasan ingkang sampun kadhawahaken, inggih punika bilih para atindak dédé badhé dipun paringi inah, murih para titiyang wau angsala kelonggaran ambangun awakipun.

    Ar. adoh

    Ar. antara-né dhèwèké

    Ar. pinako-lih

  • Pirembagan Juz XXV 1294

    jinawi; ana ing ngarsaning Pangé-rané bakal padha olèh apa sing dikarepaké; iku lubèring paparing kang agung.

    23 Iku bubungah kang diwartak-aké déning Allah marang para kawula-Né kang padha angèstu lan anglakoni panggawé becik. Cala-thua: Aku ora anjaluk pituwas marang kowé ingatasé prakara iku kajaba katresnan marang kra-bat;2226 lan sapa sing anglakoni kabecikan, ing kono Ingsun bakal amuwuhi kabecikan marang dhè-wèké; sayekti Allah iku Apara-marta, Sukur.

    24 Apa ta dhèwèké padha cala-thu: Dhèwèké agawé gogorohan tumrap marang Allah? Lah yèn Allah angarsakna, Panjenengané bakal anutup atinira;2227 lan Allah bakal anglebur barang goroh sarta anetepaké barang yakti kalawan

    2226. Para mufassirin ingkang kathah-kathah sami anggadhahi pamanggih, bilih katresnan dhateng krabat, ingkang kadhawuhaken wonten ngriki, punika ateges tresna dhateng krabatipun Kanjeng Nabi. Nanging ing dhawuh ngriki boten wonten satunggal punapa ingkang murugaken dhawuh punika winastan suraosipun, sarta teges makaten wau boten dipun ajengi I’Ab. (Bkh). Déné kalèntuning panyuraos wau margi kirang patitis anggènipun nyuraos tegesipun tembung illâ (mirsanana 59). Suraosing dhawuh, sanès kok tresna dhateng krabat wau pituwas ingkang dipun pundhut Kanjeng Nabi. Déné suraosipun ingkang leres, inggih punika: Aku ora anjaluk pituwas apa-apa marang kowé; déné panjalukku marang kowé, kowé padha tresnaa marang krabatmu. Bangsa Arab punika kénging winastan sasambetan krabat ingkang rapet satunggal lan satunggalipun; suprandéné tansah peperangan tanpa wonten kèndel-kèndelipun. Para titiyang wau sami dipun dhawuhi ngèndeli anggènipun tansah peperangan sami bangsa piyambak, sarta lajeng samia tresna-tinresnanan satunggal kaliyan satunggalipun. Utawi saged mengku suraos, Kanjeng Nabi mundhut dhateng para titiyang wau murih sami ngèndelana anggènipun nganiaya dhateng panjenenganipun, sarta lajeng sami tresnaa dhateng panjenenganipun kados tresnanipun dhateng krabat piyambak, amargi sadaya pancer punika satunggal lan satunggalipun taksih magepokan sanak (I’Ab-Bkh).

    2227. Panggalihipun Kanjeng Nabi dipun ecap, punika boten kok ateges dipun ecap lumawan yakti ingkang kawahyokaken dhateng panjenenganipun, nanging dipun ecap murih tetegipun lumawan pangawon-awonipun para titiyang wau, jalaran para titiyang wau sami ngawon-awon ing Kanjeng Nabi lan mastani panjenenganipun tukang dora-cara (Bd). Langkung-langkung teges makaten punika cocog kaliyan suraosing dhawuh ing ngajeng saha ing wingkingipun, awit sarana anyirnakaken panggorohan tuwin anjumenengaken yakti, pangawon-awon mesthi lajeng kèndel, dados panggalihipun Kanjeng Nabi lajeng teteg lumawan para titiyang wau.

    Ar. amako-lih

    Ar. angecap ing

  • Surat 42 Para mukmin kedah sabar 1295

    sabda-Né;2228 sayekti Panjene-ngané iku Angudanèni marang apa kang ana ing dhadha-dhadha.

    25 Lan Panjenengané iku Kang-anampani pitobating kawula-Né sarta angapura panggawé dudu apa déné angudanèni apa panggawému;

    26 Lan Panjenengané anyemba-dani para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik apa déné amuwuhi lubèring paparing-É marang dhèwèké; déné para kafir bakal padha olèh siksa kang abot.

    27 Lan manawa Allah anjembar-aké rijeki marang para kawula-Né, masthi iki padha mirong ana ing bumi; ananging anggoné anurun-aké kalawan taker apa sakarsa-Né; sayekti Allah iku marang para kawula-Né Waspada, Udani.

    28 Lan Panjenengané iku Kang anurunaké udan ing sawisé dhè-wèké padha pedhot pangarep-arepé sarta anggelar wilasa-Né; lan Pan-jenengané iku Ingkang-Angayomi, Ingkang-Pinuji.

    29 Lan sawenèhing tandha-tandha-Né yaiku tumitahing langit-langit lan bumi sarta anggon-É anyebar sato kéwan ana ing saka-ro-karoné; lan samangsa ngarsak-aké, Panjenengané iku angimpun iku kawasa.

    RUKU’ 4

    Para mukmin kedah sabar

    30-36. Purba wisésanipun Pangéran dhateng manusa punika cetha amengku wilasa. 37, 38. Para mukmin kedah anyingkiri awon sarta tinuntun asarana golonging rembag. 39-43. Sami gadhah wewenang ambélani dhiri, ananging sabar langkung prayogi.

    2228. Dhawuh punika mengku piweca-piweca ingkang kanyataaning wahananipun mesthi badhé mahanan yakti jumeneng kalayan kiyat.

    Ut. ati

    Ar. lan

    Ar. dhèwèké

  • Pirembagan Juz XXV 1296

    30 Lan bilai apa baé kang ange-nani sira, lah iku amarga saka pang-gawéné tangan-tanganira, éwadéné (dosanira) sing akèh Panjenengané angapura.

    31 Lan ana ing bumi sira ora bisa angoncati, sarta sira ora bakal duwé pangayoman utawa panulung saliyané Allah.

    32 Lan sawenèhing tandha-tan-dha-Né yaiku prau-prau ing sagara kaya gunung-gunung.

    33 Manawa Panjenengané angar-sakna, Panjenengané angendheg-aké angin, banjur (prau) iku ku-mambang mandheg; sayekti ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap sarupaning wong kang pa-dha sabar, wong kang sukur.

    34 Utawa Panjenengané saged anyirnakaké iku amarga saka pang-gawéné, éwadéné sing akèh Panje-nengané angapura;2229

    35 Lan (dimèn) para kang mado-ni timbalan-timbalan-Ingsun padha weruh, (yèn) dhèwèké ora padha olèh papan pangungsèn.

    36 Mulané sadhéngah barang kang diparingaké marang sira, iku mung pasadhiyan kauripan donya, sarta apa kang ana ngarsaning Allah iku luwih becik sarta luwih langgeng, tumrap para kang padha angèstu sarta marang Pangérané padha sumarah.

    2229. Baita ing ayat kakalih punika, inggih punika baitaning prakawisipun titiyang kafir Makkah, ingkang ing wekasanipun mesthi badhé nemahi karisakan; suprandéné pangrengkuhipun Allah dhateng piyambakipun kalayan adhadhasar welas lan asih, inggih punika sarana maringi pangapunten dhateng pandamelipun duraka ingkang sapérangan kathah. Ayat candhakipun nyethakaken suraos ingkang kados makaten punika, sarana dhawuh anggatosaken dhateng gumelaring kanyataan bilih pratélan wau minangka pèpènget dhateng para ingkang mabeni timbalan-timbalanipun Allah, inggih punika titiyang Makkah, bilih badhé boten angsal pangayoman samangsa baitanipun nemahi karisakan.

    Ar. lan

    Ar. lan ora

    Ar. sumèlèh ing gegeré ora obah

  • Surat 42 Para mukmin kedah sabar 1297

    37 Lan para kang padha nying-kiri dosa gedhé-gedhé sarta pang-gawé nistha, apa déné nalikané dhèwèké nesu, awèh pangapura.

    38 Lan para kang padha nyan-dikani marang Pangérané sarta anjumenengaké salat – sarta pa-préntahané (diputus asarana) padhadirembug sakancané – sarta padha amèwèhaké paparing-Ingsun ma-rang dhèwèké.2230

    39 Lan para kang padha luma-wan ambélani dhiri nalikané panga-niaya gedhé angenani awaké.2231

    2230. Wahyu ingkang tumurun ing Makkah jaman wiwitan sampun wonten dhawuh ingkang mungel: papréntahane diputus asarana padha dirembug sakancané, punika sakalangkung wigatos. Kedah dipun pèngeti bilih wahyu ing jaman wiwitan punika mengku piweca-piweca ingkang terang, bab paprangan antawisipun wadyabala Quraisy ingkang kiyat lan kaum Muslimin ingkang namung sakedhik cacah jiwanipun, tuwin bab badhé jumenengipun karatoning Islam minangka angsal-angsalaning peperangan wau. Lah punika salah satunggaling ayat-ayatipun Quran ingkang suka pasaksèn ingkang terang dhateng prakawis adegipun karatoning Islam wau. Kados adat sabenipun ing ngriki para Muslimin kadhawuhan nindakaken sembahyang tuwin andanakaken rijeki paparingipun Allah. Nanging ing antawisipun dhawuh warni kalih punika, ingkang wonten ing Quran Suci mesthi kadhawuhaken sasarengan, wonten dhawuh malih ingkang angka tiga, inggih punika: Sarta papréntahané diputus asarana padha dirembug sakancané. Sampun terang bilih nalika jaman wiwitan wau para Muslimin boten ngalami prakawis-prakawis ingkang wigatos, ingkang betah dipun rembag sasarengan wonten ing majlis syura (babadan wakiling rakyat); suprandéné ing antawisipun dhawuh warni kalih ingkang dados tatalesing gesangipun Islam ingkang sajati wau, dipun seseli dhawuh ingkang angka tiga, ingkang andhawuhaken pirembagipun majlis syura dados paugeran. Dados tétéla manawi dhawuh punika minangka kanggé sedhiya-sedhiya anggènipun para Muslimin badhé ngiguhaken prakawising praja ingkang wigatos-wigatos tuwin salwiring prakawis ingkang magepokan kaliyan begja cilakaning umat. Menggah ing sajatos-jatosipun tembung amr ingkang kula jarwani papréntahan, punika tegesipun paréntah; tembung amrullâh, ingkang tegesipun paréntahé Allah,punika asring mengku teges jumenenging karatonipun Pangéran, ingkang tegesipun karatoning Islam. Awit saking punika dados tembung amr ingkang kagem wonten ngriki punika mengku teges karatoning Islam, ingkang iguhing prakawisipun kedah katindakaken mawi pirembaganipun wakiling rakyat (majlis syura). Dhawuh punika ateges bilih para Muslimin badhé kaparéntah sarana majlis syura, awit para Muslimin kadhawuhan bilih sabarang ingkang kaanggep paréntah, punika kedah prakawis ingkang sampun kaputus majlis syura wau. Kalayan tatanan punika, agami Islam masang tatalesing papréntahan mawi parlemén, sarta nalika jamanipun Khalifah sakawan, papréntahan mawi parlemén wau sampun katindakaken. Saben wonten prakawis ingkang wigatos, Khalifah andhawuhaken supados dipun rembag wonten majlis syura. Anggumunaken sanget manawi papréntahan mawi parlemén wau ing sapunika dipun anggep bangsa Éropah prakawis ingkang anyar babar pisan tumrap Islam sarta boten cocog tumrap titiyang Muslimin.

    2231. Tembung intashara punika manawi bawa piyambak ateges rumeksa diri lumawan tiyang ingkang ambek sia dhateng piyambakipun (TA-LL). Manawi dipun sambeti ing min, ateges males.Teges ingkang angka satunggal wau ingkang cocog dipun anggé wonten ing ngriki, awit ing ngriki boten kasambetan min.

    Ar. antara-né dhèwèké

  • Pirembagan Juz XXV 1298

    40 Lan wawalesing piala iku pidana satimbangé, ananging sapa sing angapura sarta ambecikaké tindaké, pituwasé bakal olèh saka ing Allah; sayekti Panjenengané iku ora tresna marang wong-wong kang atindak dudu.2232

    41 Lan sapa-sapa sing lumawan-ambélani-dhiri sawisé kinaniaya, yaiki wong kang ora ana dalané (kanggo nacad).

    42 Dalan (kanggo nacad) iku mung tumuju marang para kang padha anganiaya para manusa sarta padha mirong ana ing bumi kala-wan ora bener; iki bakal padha olèh siksa kang anglarani.

    43 Lan sapa-sapa sing ambek sabar lan ambek ngapura, sayekti iki éwoné prakara-prakara kang panindaké kudu ditetapaké.

    RUKU’ 5

    Wahyuning Pangéran punika nuntun dhateng leres

    44-47. Awoning kawontenanipun para tiyang ingkang atindak dédé. 48. Manusa anggènipun boten sumerep ing panarimah. 49, 50. Allah punika ingkang andadosaken

    2232. Tatanan adiluhung bab ngapunten ing awon kadhawuhaken wonten ing dhawuh punika. Tatanan wau netepaken: awon punika kedah kawales mawi pidana samurwat kaliyan awon wau. Ing ngriki dipun pèngetana, pidana ingkang katandukaken dhateng awon punika winastan sayyiah,jawinipun awon; mila makaten awit tiyang Arab punika manawi mastani piwalesipun awon, punika mawi tembung wastanipun awon wau (mirsanana 27). Dipun pèngetana ugi pidana wau kedah samurwat kaliyan awonipun. Pranyata punika wawates ingkang adil tuwin saleres-leresipun sarta piwulang ingkang adi-éndah punika, ingkang medharaken satunggaling tiyang, ingkang umatipun gadhah pangadatan mejahi tiyang sapancer ngantos tumpes sadaya, namung sabab salah satunggaling warganipun pancer wau atindak lepat ingkang sapélé sanget. Sapisan malih kula aturaken “apura” boten kok dipun singkur, lan inggih boten teka kawejangaken sacara muluk lan adakik-dakik, ngantos boten saged tumindhak. Ing Islam boten wonten piwulang ingkang langkung ing wates, kados déné untu winales untu, sarta inggih boten wonten piwulang kosok wangsulipun punika, inggih punika ngulungaken pipi ingkang kiwa ing sasampunipun pipi ingkang tengen dipun tapuki, utawi nyukakakenrasukan dhateng tiyang ingkang sampun ngrebat kotanging sadhèrèkipun. Ngapunten, punika pancèn sarana ingkang adiluhung saha adi-éndah temenan, manawi apunten wau saged ngleresaken prakawis tuwin saged mahanani saé tumrap tiyangipun ingkang atindak lepat. Sedya ingkang kedah tansah kaèsthi, inggih punika nyaékaken, sami ugi punapa sarana nandukaken pidana samurwatipun, punapa sarana ngapunten; waton sedya wau saged kagayuh.

    Ar. piala

  • Surat 42 Wahyuning Pangéran 1299

    tangkar-tumangkar. 51. Wewedhar sabda punika kados pundi anggènipun maringaken. 52, 53. Quran punika papadhang.

    44 Lan sapa sing digawé sasar déning Allah,a lah ora duwé panga-yoman ing saliyané Panjenengané; lan sira bakal andeleng para wong kang atindak dudu nalikané padha andeleng siksa padha calathu: Apa ana dalané bali?

    45 Lan sira bakal andeleng dhèwèké padha diajokaké mrono kalawan padha amarikelu amarga saka anggoné asor, padha andeleng kalawan pandeleng kang miris.2233Lan para kang padha angèstu aca-lathu: Sayekti wong kang kapitu-nan iku para kang padha amitunani awaké dhéwé sarta ahliné ing dina kiyamat. O, sayekti, wong kang atindak dudu iku bakal dumunung ana ing siksa kang tetep.

    46 Lan dhèwèké ora bakal duwé mitra kang padha mitulungi awaké saliyané Allah; lan sapa sing digawé sasar déning Allah, iku ora bakal padha olèh dalan.

    47 Padha nyandikanana marang Pangéranira ing sadurungé tekané dina saka ing Allah kang ora ana panulaké; ing dina iku sira ora bakal olèh pangungsèn sarta ora bakal sira bisa anyélaki.

    48 Ananging manawa dhèwèké padha maléngos, lah anggon-Ingsun angutus sira iku ora kok supaya dadi panjaga marang dhèwèké; sasangganira iku mung anekakaké (ayahan); lan sayekti,

    2233. Dipun pèngetana, marambah-rambah kasebutaken bilih asor punika panunggilanipun siksa naraka.

    a. 44 Ar. sawisé

  • Pirembagan Juz XXV 1300

    manusa iku, samangsa Ingsun icip-aké wilasa-Ningsun, ambungahi marang (wilasa-Ningsun) iku; lan manawa cilaka angenani awaké amarga saka panggawéning tangané kang uwis-uwis, sayekti manusa banjur ora duwé panarima.

    49 Kagunganing Allah karato-ning langit-langit lan bumi iku; Panjenengané anitahaké apa sakar-sa-Né, Panjenengané aparing anak wadon marang sapa sing dadi karsa-Né sarta aparing anak lanang marang sapa sing dadi karsa-Né.

    50 Utawa Panjenengané andadèk-aké dhèwèké rong warna, lanang lan wadon; sarta Panjenengané andadèkaké gabug marang sapa sing dadi karsa-Né; sayekti Panje-nengané iku Ingkang-Nguningani, Ingkang-Kawasa.2234

    51 Lan tumrap sawijining ma-nusa, ora pisan kok Allah iku ngandika marang dhèwèké, kajaba kalawan wahyu, utawa saka sabu-rining warana, utawa kalawan angutus sawijining utusan banjur amedharaké kalawan idiné Panjene-ngané apa kang dadi karsa-Né;2235sayekti Panjenengané iku Luhur, Wicaksana.

    2234. Gadhah anak medal èstri punika bangsa Arab kaanggep kecilakan. Déné wontenipun kados makaten wau margi ing babrayan Arab tiyang èstri punika dipun anggep asor sanget. Éwah-éwahan ingkang anggawokaken, ingkang dipun wontenaken agami Islam tumrap lenggahipun wanita, kalayan terang dipun cacalani, wonten ing dhawuh ingkang tumurun ing Makkah nalika jaman wiwitan punika. Ing ngriki anak èstri dhawah ngajeng; dados anak èstri kasebutaken langkung rumiyin katimbang anak jaler, punika kalayan terang mengku maksud ingkang anedahaken, bilih anak èstri punika boten prabéda lan anak jaler, sami nugrahaning Pangéran ingkang ageng; manawi boten malah langkung ageng. Punika kula aturi nandhing kaliyan kawontenan ing tanah Arab sadèrèngipun Kanjeng Nabi Suci: “Lan nalika dhèwèké salah siji diwenèhi pawarta bubungah arupa lahiré anak wadon, rainé peteng sarta dhèwèké kebak anawung bendu. Andhelik sumingkir saka wong-wong, amarga barang bubungah kang diwartakaké kang awujud ala iku. Apa ta iki arep dilastarékaké kalawan nandhang ina, apa ta arep dipendhem ing lemah urip-uripan?” (16: 58, 59).

    2235. Ayat punika anedahaken kados pundi caranipun manawi Gusti Allah ngandika dhateng

    Ar. wong

    Ar. wong

    Ut. wewe-dhar

  • Surat 42 Wahyuning Pangéran 1301

    52 Lan iya kaya mangkéné iki2236 anggon Ingsun amedharaké Kitab-winahyu marang sira saka paréntah-Ingsun.2236A Mauné sira ora weruh Kitab iku apa, mang-kono uga iman, ananging iku Ing-sun dadèkaké papadhang, Ingsun agem nuntun para kawula-Ningsun endi kang dadi kapareng-Ingsun; lan sayekti sira iku anuntun ma-rang dalan kang bener:

    satunggaling tiyang utawi amedharaken keparenging karsa-Nipun dhateng tiyang wau. Kasebutaken warni tiga caranipun (1) Sarana wahyu; limrahipun ing basa Jawi dipun lugokaken tembungipun, inggih punika wahyu (manawi perlu dipun jarwakaken malih: wewedhar). Nanging tegesipun ingkang sakawit .

    tembung wahyu punika isarah ingkang rikat (Rgh), sarta rèhning ingkang kapangandikakaken wonten ing ngriki punika warni-warnining wahyu, mila teges ingkang dipun karsakaken punika mesthi inggih tegesipun tembung ingkang sakawit wau. Dados, sabda ingkang dipun ilhamaken (murih gampilipun kula jarwani dipun wisikaken) dhateng manahipun para nabi tuwin para tiyang tulus, punika kasebut wahyu (wahyu utawi wewedhar), awit tumandhukipun sabda wau kados déné isarah ingkang rikat, ingkang kawisikaken terus dhateng manahipun tiyang ingkang tampi ‘

    wewedhar wau (Rgh: ). Lah inggih manut teges punika, wahyu ingkang dipun pangandikakaken wonten ing Quran kaparingaken dhateng ingkang ibu Kanjeng Nabi Musa (28: 7), tuwin dhateng para sahabatipun Kanjeng Nabi ‘Isa 15: 111), jer sadaya wau sanès nabi. Luyut, kénging kaèwokaken wewedhar punika. (2) Cara ingkang angka kalih manawi Gusti Allah ngandika dhateng kawula-Nipun, inggih punika ngandika saking sawingkinging warana, liripun sabda saged kapireng tiyang ingkang dipun ajak imbalwacana kadi déné saking sawingkinging aling-aling. Suwantenipun kapireng, nanging ingkang nyuwanten boten katingal ing mripat. (3) Wedharing sabda ingkang angka tiga, inggih punika Pangéran Ingkang Mahaluhur miji satunggaling utusan – malaikat – ingandikakaken ngimbalaken dhawuh dhateng tiyang ingkang dipun karsakaken Pangéran tampi pangandika. Lah punika wewedhar utawi wahyu ingkang peng-pengan piyambak tuwin ingkang cetha piyambak, lan inggih kados makaten punika tumuruning wahyu Quran dhateng Kanjeng Nabi Suci punika, inggih ;

    punika kawaosaken malaikat Jibril. Wahyu punika winastan jawinipun wahyu kang winaca. Wahyu makaten punika ngemungaken kaparingaken dhateng para andika nabi, déné wahyu sanèsipun, ingkang kalih warni wau, ugi saged dipun paringaken dhateng para titiyang tulus ingkang boten kajumenengaken nabi. Nanging dipun èngetana bilih tumrap sadaya wau, tiyang ingkang tampi wahyu pinaringan sawenèh indriya sanès. Piyambakipun saged nyumerepi barang ingkang tiyang sanès boten sumerep, sarta saged mirengaken dhawuh ingkang tiyang sanès boten saged mireng. Dados, anggènipun mirengaken, ningali tuwin ngraosaken barang-barang ingkang tiyang sanès boten saged mireng, ningali utawi ngraosaken wau, mawi indriya ingkang kénging winastan indriya ruhani.

    2236. Kaya mangkono punika ingkang dipun karsakaken tumuruning wahyu ingkang angka tiga kasebut nginggil, awit kapangandikakaken marambah-rambah Quran Suci punika kaampil ruh pinitados utawi malaikat Jibril (2: 97; 26: 193).

    2236A. Tembung rûh dipun pigunakaken kalayan mengku teges ilham utawi wahyu (wangsit utawi wewedhar) punika sampun gumathok wontenipun dhawuh punika. Ruh ing ngriki Quran. Kula aturi nocogaken kaliyan 17: 85, tuwin wontenipun dhawuh amri rabbi (kalawan paréntahé Pangéranku) ing ngriku saha amrina (kalayan paréntah-Ingsun) ing ngriki, lah lajeng sampun boten wonten semang-semangipun malih bilih rûh ing 17: 85 punika tegesipun Quran.

    Ut. amah-yokaké

    Ar. lan ora (weruh)

  • Pirembagan Juz XXV 1302

    53 Dalaning Allah, Kang kagu-ngan sabarang kang ana ing langit-langit lan sabarang kang ana ing bumi; O, sayekti marang Allah wekasaning paraning sabarang prakara.

    _____________

    Ar. kagu-ngan-É

  • SURAT 43

    AZ-ZUKHRUF

    (Papaès)

    KADHAWUHAKEN ING MAKKAH

    (7 ruku’, 89 ayat)

    Pathinipun:

    Ruku’ 1. Mahatunggalipun Allah. Ruku’ 2. Manembah-pangéran-kathah dipun lepataken. Ruku’ 3. Pamilihipun Allah dhateng nabi. Ruku’ 4. Sarana kanggé anggayuh kaluhuran. Ruku’ 5. Panglawanipun raja Fir’aun dhateng Kanjeng Nabi Musa. Ruku’ 6. Lenggahipun Kanjeng Nabi ‘Isa dados nabi. Ruku’ 7. Papanthan kalih.

    Namanipun

    “Az-Zukhruf” utawi “Papaès” punika surat ingkang sakawan tumrap golongan Hâmîm, sarta kanamakaken makaten punika mirid saking zukhruf ingkang kasebutaken ing ayat 35, ing ngriku katerangaken bilih papaèsipun gesang ingkang asor, punika asring nebihaken manusa saking yakti. Babipun ingkang karembag tuwin titimangsanipun nalika katurunaken, sampun karembag wonten ing katerangan ingkang mangka purwakaning surat 40.

    Ingkang kawarsitakaken

    Boten prabéda lan sadaya surat ing dalem golongan punika, surat punika dipun wiwiti kalayan bayawara bilih Quran punika wahyu saking ngarsanipun Pangéran Ingkang-Mahaluhur. Salajengipun lajeng anerangaken bilih nadyan titiyang Arab punika sami “luluwihan”, éwadéné piyambakipun meksa kaparingan juru-pèpènget. Kasawijènipun Pangéran lajeng kaundhangaken, awit sedyanipun ingkang baku piyambak wahyuning Pangéran punika badhé anjumenengaken Kasawijènipun Pangéran wau. Ruku’ ingkang kaping kalih kamligèkaken kanggé nglepataken sawarnining kamusyrikan. Ruku’ ingkang kaping tiga kawiwitan kalayan nyebutaken Kanjeng Nabi Ibrahim, ingkang para wayahipun kathah ingkang kapilih déning Pangéran, sarta sasampunipun nyebutaken bab angemohi Kanjeng Nabi, lajeng maringi wangsulan dhateng panyédha, punapa déné boten tiyang ingkang ageng pangaruhipun ingkang pinilih ngampil ayahaning Pangéran. Ruku’ ingkang kaping sakawan nerangaken bilih Quran badhé adamel umat anggayuh ing kaluhuran, awit saking punika para titiyang ingkang margi dipun sasaraken mitra-mitranipun awon lajeng angemohi Quran, mesthi badhé kaduwung dhateng tindakipun. Ruku’ ingkang kaping gangsal nerangaken bilih nadyan ratu binathara kados déné raja Fir’aun inggih dipun lebur sareng piyambakipun milawani ing Kanjeng Nabi Musa. Ruku’ ingkang kaping nem nyebutaken kanabianipun Kanjeng Nabi ‘Isa tuwin panyédhanipun para manembah brahala; para titiyang punika dipun pangandikani bilih Kanjeng Nabi ‘Isa punika boten langkung kajawi nabi blaka, kalenggahanipun boten kénging dipun anggé ngleresaken anggènipun sami manembah brahala. Ruku’ ingkang wekasan nandhing nasib ingkang kasandhang papanthan kalih, para angèstu lan para kafir.

    _____________

  • Papaès Juz XXV 1304

    RUKU’ 1

    Mahatunggalipun Allah

    1-4. Quran basa Arab. 5. Pèpènget punika boten badhé boten kaparingaken dhateng bangsa ingkang mlangkah wates. 6-8. Bangsa-bangsa ing kina sami anggugujeng para nabinipun sarta sami dipun lebur. 9-15. Mahatunggalipun Pangéran katitik saking titah-Ipun sarta nugrahanipun dhateng manusa.

    Kalawan asmaning Allah, Ingkang-Mahamurah, Ingkang Mahaasih

    1 Allah Ingkang-Ingalembana, Ingkang-Minulya.a

    2 Waspadaknab Kitab kang agawé terang iku:

    3 Sayekti, iku Ingsun dadèkaké Quran basa Arab, supaya sira padha mangerti.

    4 Sayekti, iku ana ing sajroné aslining Kitab ing ngarsa-Ningsun, satuhu luhur, kebak kawicaksa-nan.2237

    5 Lah apa ta Ingsun babar pisan ora bakal amaringi pépéling marang sira ing sarèhning sira iku bangsa kang mlangkah wates?2238

    2237. Ummu-l-kitâb punika wantahipun ateges baboning Kitab. Surat ingkang mangka bubukaning Quran (surat Fatihah) ugi dipun namakaken makaten punika, jalaran surat Fatihah wau ngemot pathining Quran ing sagemblengipun. Nanging tumrap wonten ing ngriki, tembung wau ateges tukipun Quran ingkang asli; déné suraosipun, Quran punika boten saged dipun sirnakaken, awit Quran wau maujud wonten ing dalem Mahawikanipun Pangéran. Menggah ing sajatos-jatosipun, dhawuh punika mengku piweca, ingkang anggènipun angundhangaken duk nalikanipun Kanjeng Nabi taksih piyambakan tuwin apes. Piweca wau inggih punika amecakaken bilih Quran mesthi badhé dipun luhuraken wonten ing jagad, inggih margi saking anggènipun pinayungan ing mahawikanipun Pangéran wau. Katranganipun sanès dhawuh punika, inggih punika mengku suraos nyebutaken wontenipun piweca-piweca ingkang terang bab badhé rawuhipun Kanjeng Nabi Suci kados déné ingkang kasebut ing Bébel. Minangka conto kadosta piweca ingkang kasebut ing Pangandharing Toret 18: 15-18, ingkang medharaken piweca ingkang namung mathuk manawi kacundhukaken kaliyan rawuhipun Kanjeng Nabi Suci.

    2238. Tembung dhikr ing ngriki kénging dipun tegesi juru-pèpènget utawi kaluhuran. Manawi dipun tegesi juru-pèpènget, mengku suraos bilih Gusti Allah boten badhé angèndeli anggènipun maringi susulang dhateng kaum ingkang nglangkungi wates; déné manawi dipun tegesi kaluhuran,mengku suraos Panjenenganipun karsa badhé ngangkat ing ngaluhur kaum ingkang anggènipun “nglangkungi wates,” ngantos kados déné boten kénging dipun dandosi malih.

    a. 2171

    b. 2099

    Ut. ange-dohaké ka-mulyan saha

  • Surat 43 Mahatunggalipun Allah 1305

    6 Lan wis pira baé nabi kang Ingsun utus marang bangsa kang dhisik-dhisik.

    7 Lan ora kena ora nabi kang nekani dhèwèké masthi diguguyu.

    8 Banjur wis Ingsun lebur (bangsa) kang ngungkuli iki kaku-watané, lan lalakoné bangsa kuna-kuna iku makolèhi.2239

    9 Lan manawa dhèwèké padha sira takoni: Sapa sing nitahaké langit-langit lan bumi, amasthi ba-kal padha calathu: Kang nitahaké iku Ingkang-Kawasa, Ingkang-Ngudanèni.

    10 Kang andadèkaké bumi dadi palèrènan tumrap marang sira sarta andadèkaké dalan-dalan ana ing kono tumrap marang sira, supaya sira padha ngambah dalan bener:

    11 Sarta Kang anurunaké banyu saka mendhung kalawan taker; tumuli iku Ingsun anggo angurip-aké tanah kang mati; iya kaya mangkono anggonira bakal diwe-tokaké:2240

    12 Lan Kang anitahaké samuba-rang jodhon-jodhon, lan andadèk-aké tumrap marang sira prau sarta rajakaya kang padha sira tung-gangi,

    2239. tegesipun pangucap iku makolèhi (LL) Tegesipun ingkang limrah kaserat wonten ing margin.

    2240. Dhawuh punika wigatos dhawuh anggatosaken dhateng angger-angger ingkang tumindhak wonten ing ngalam wadhag, kanggé anedahaken bilih ing ngalam ruhani inggih ambetahaken angger-angger ingkang kados makaten wau ugi. Jawah ingkang tumurun saking langit anggesangaken bumi ingkang pejah; makaten ugi wahyuning Pangéran, inggih badhé anggesangaken bangsa Arab ingkang klelep wonten ing dalem kabodhoan tuwin gugon-tuhon, ingkang menggah ing ruhani, budi-pakarti tuwin akal-budinipun dados bangsa ingkang pejah.

    Ar. ing

    Ut. kupiya-néUt. wis kala-kon

  • Papaès Juz XXV 1306

    13 Supaya sira jejeg ana ing gegeré, banjur padha angéling-éling nugrahaning Pangéranira nali-kané sira wus padha jejeg lungguh ing dhuwuré karo munjuk: Maha-suci Ingkang ambangun turutaken punika dhateng kawula sarta maka-ten punika kawula sami boten saged,

    14 Sarta saèstu, dhateng Pangé-ran kawula kedahipun wangsul kawula.

    15 Lan dhèwèké padha ngang-gep, sawenèhing para kawula-Né dadi pérangan tumrap Panjene-ngané; temen manusa iku yekti tétéla ora atur panuwun.

    RUKU’ 2

    Manembah pangéran kathah dipun lepataken

    16-19. Sami nganggep bilih Allah aputra èstri. 20-23. Sami naluri luluhuripun. 24, 25. Pandumipun para ingkang sami angemohi kasunyatan.

    16 Kapriyé, apa Panjenengané mundhut putra wadon saka apa kang tinitahaké, sarta amilih sira duwé anak lanang?a

    17 Lan samangsa salah sawijiné diwartani bubungah kalawan ba-rang kang digambar-gambaraké tumrap marang Ingkang-Maha-murah, rainé dadi ireng sarta dhè-wèké muring-muring.

    18 Apa ta kang pinalut ing pa-paès sarta kang ana ing sajroning padudon ora bisa agawé terang!2241

    2241. Ingkang dipun karsakaken ing ayat punika brahala-brahala, ingkang sami dipun rengga-rengga mawi papaès. Brahala-brahala boten saged wicantenan punika dipun anggé bukti dening Kanjeng Nabi Ibrahim kanggé anggorohaken kapangérananipun brahala brahala wau (21: 63), sarta brahala-brahala boten saged mangsuli panyuwunipun para ingkang nembah, punika inggih dipun anggé bukti anggorohaken kapangérananipun pedhèt mas (20: 89).

    a. 1376

  • Surat 43 Manembah-pangéran-kathah 1307

    19 Lan dhèwèké padha ngang-gep, para malaikat – mangka iki para kawulané Ingkang-Maha-murah – iku dadi (sesembahan) wadon. Apa dhèwèké iku padha anaksèni tumitahé? Pasaksiné ba-kal tinulisan sarta dhèwèké bakal padha didangu.

    20 Lan padha calathu: Manawa Ingkang-Mahamurah angarsakna, amasthi aku ora bakal padha ma-nembah marang dhèwèké. Marang iki dhèwèké ora dhuwé kawruh; dhèwèké iku mung padha goroh baé.

    21 Utawa, apa ing sadurungé iki Ingsun wus maringi Kitab, kang banjur padha dianggo gogondhè-lan?

    22 O, ora! Calathuné: Sayekti, sing dak temu, luluhurku iku padha netepi sawijining laku, lan sayekti aku iki katuntun ngambah tapak tilasé.

    23 Lan iya kaya mangkono iku; ing sadurungira, saben Ingsun angutus juru-pépéling ing sawiji-ning nagara, ora kena ora masthi wongé kang padha kapénak uripé acalathu: Sayekti, sing daktemu, luluhurku iku padha netepi sawi-jining laku, lan sayekti aku iki kang padha manut tapak tilasé.

    24 (Juru-pépéling iku) acalathu: Apa ta sanajan tekaku marang kowé kalawan anggawa pituduh kang luwih becik tinimbang apa kang kotemu ditetepi luluhurmu? Calathuné: Sayekti aku iki marang barang gagawanmu kautus padha angafiri.

    Ar. kangdhèwèké iku

    Ar. akunemu Ut. nglung-guhi... agama Ut. ngluluri

  • Papaès Juz XXV 1308

    25 Mulané Ingsun anibakaké pidana marang dhèwèké; lah dele-ngen, kapriyé wusanané wong kang padha anggorohaké.

    RUKU’ 3

    Pamilihipun Allah dhateng Nabi

    26-28. Wasitanipun Kanjeng Nabi Ibrahim. 29, 30. Angemohi dhateng Kanjeng Nabi. 31-35. Punapa sababipun déné pilihan boten dhumawah dhateng salah satunggalipun panuntun ingkang sampun misuwur.

    26 Lan nalikané Ibrahim acalathu marang pinituwané sarta kaumé: Saèstu kawula punika wisuh saking barang ingkang sampéyan sembah,

    27 Angemungaken Ingkang ani-tahaken kula, awit saèstu Panjene-nganipun badhé nuntun kula.

    28 Lan iku didadèkaké kalimah pinrih lestari ana ing tedhak-turuné, supaya iki padha balia,2242

    29 O, balik dhèwèké iku karo luluhuré wis padha Ingsun paringi kabungahan nganti kasunyatan lan Utusan kang nerangaké (kasunya-tan iku) tumeka marang dhèwèké.

    30 Lan bareng kasunyatan iku tumeka marang dhèwèké, padha calathu: Iki kemayan, lan sayekti aku iki wong kang angafiri marang iku.

    31 Sarta padha calathu: Yagéné Quran iki ora diturunaké marang wong agungé nagara loro?2243

    2242. Punika anedahaken bilih bangsa Arab gadhah cacriyosan gethok-tular turun-tumurun, bilih Kanjeng Nabi Ibrahim, luluhuripun, punika mulangaken Tauhid (mangéran satunggal).

    2243. Kitha kakalih punika ingkang dipun kajengaken kitha Makkah lan kitha Thaif (Bd). Para titiyang wau boten sami purun manut dhateng sintena kémawon sanèsipun tiyang donya ingkang wigatos. Piyambakipun puran-purun kémawon sujud dhateng tiyang bangsa donya, nanging suthik

    Ar. dhèwèké

  • Surat 43 Sarana panggayuhing kaluhuran 1309

    32 Apa dhèwèké kang padha ngedum wilasané Pangéranira? Ingsun kang ngedum panguripané marang dhèwèké ing kauripan donya, sarta Ingsun anjunjung darajaté kang sawenèh angungkuli sawenèhé, supaya kang sawenèh angregema sawenèhé ing pamba-ngun turut; lan wilasané Pangé-ranira iku luwih becik tinimbang apa kang padha dikalumpukaké.2244

    33 Lan yèn oraa sakèhing manusa bakal dadi golongan siji, amasthi wong kang angafiri ma-rang Ingkang-Mahamurah omahé Ingsun gawèkaké payon sarta on-dho kang kanggo munggah bakalé slaka,2245

    34 Mangkono uga lawang-lawa-nging omahé sarta lincak kang dianggo aléléyangan.

    35 Sarta papaès emas; lan iki kabèh ora liya kajaba mung pasa-dhiyan kauripan donya, déné akhi-rat, ing ngarsané Pangéranira, iku tumrap para kang anjaga dhiriné (saka ing ala).

    RUKU’ 4

    Sarana panggayuhing kaluhuran

    35-37. Sakuthu ingkang awon. 38-39. Piduwungipun. 40. Sami budheg sarta sami picek. 41-42. Wusananipun awon. 43. Kanjeng Nabi kedah gondhèlan wewedharing

    manawi dhateng tiyangipun Gusti Allah. Kesangeten sanget anggènipun asor saha andonyani pepénginanipun, ngantos kaluhuraning budi pakarti tumrap piyambakipun atanpa aji babar pisan.

    2244. Terangipun, kawontenanipun lahir para manusa punika béda-béda: makaten ugi sifat-sifatipun ruhani tuwin budi-pakarti, inggih boten sami. Gusti Allah anggènipun milih tiyang kajumenengaken dados nabi, boten gumantung dhateng kathahing bandhanipun, nanging dhateng kaluhuraning jiwanipun. Para titiyang wau nganggé ukuran kathahing bandha, nanging Gusti Allah ngagem ukuran kaluhuraning budi pakarti.

    2245. Tumrap Gusti Allah mas lan salaka punika boten wonten aosipun. Panjenenganipun yekti badhé maringaken mas lan salaka wau kalayan mluwah-mluwah mligi dhateng para angèstu, saupami botena sampun kathah umat ingkang kesasar panggodhanipun mas lan salaka wau.

    Ar. ingan-tarané

    Ar. ing dra-jat-drajat

    Ar. lan

    Ar. lan

  • Papaès Juz XXV 1310

    sabda. 44. Punika badhé anjunjung bangsa Arab dhateng kaluhuran. 45. Sadaya nabi punika masitakaken Mahatunggalipun Gusti Allah.

    36 Lan sapa sing méngo saka éling marang Ingkang-Mahamurah, Ingsun anyadhiyakaké sétan tumrap marang dhèwèké; banjur iku dadi kancané.2246

    37 Lan sayekti iki padha anyim-pangaké dhèwèké saka ing dalan (kang bener) sarta dhèwèké padha ngira, yèn awaké iku miturut tun-tunan bener:

    38 Nganti, samangsané dhèwèké tumeka marang Ingsun, acalathu: O, mbok iya antarané aku karo kowé iku diedohna kaya wétan karo kulon;2247 lah ala kanca iku!

    39 Lan sarèhning sira wus padha atindak dudu, (mulané) ing dina iki ora bakal migunani marang sira, déné sira padha dadi sakuthu ing dalem pasiksan.

    40 Lan apa ta sira bisa agawé krunguné wong budheg utawa awèh pituduh wong wuta sarta sapa-sapa kang dumunung ing sasar kang tétéla?

    41 Ananging manawa ta Ingsun amundhut sira, meksa Ingsun bakal nibakaké patrapan marang dhè-wèké;

    42 Utawa, temen Ingsun bakal meruhaké marang sira apa kang wus Ingsun janjèkaké marang dhè-

    2246. Nitik dhawuh-dhawuh candhakipun, sétan ing ngriki boten sanès mitra-awonipun tiyang ingkang nuntun piyambakipun dhateng awon.

    2247. Tembung ingkang kula jarwani Wétan lan Kulon punika masyriqain ingkang wantahipun ateges Wétan loro. Nanging tatsniyah (rembagan ingkang nedahaken barang kalih) ingkang kados makaten punika asring ateges barangipun dalasan kosokwangsulipun. Dados masyriqain punika ateges panggonan malèthèking srengéngé lan panggonan suruping srengéngé (M, Q-LL).

    Ar. anta-rané

  • Surat 43 Panglawanipun Fir’aun 1311

    wèké;2248 amarga sayekti Ingsun iki Ingkang-kawasa amisésa marang dhèwèké.

    43 Mulané gondhèlana marang kang diwedharaké marang sira; sayekti sira iku dumunung ing dalan kang bener.

    44 Lan sayekti iki temen pépé-ling tumrap marang sira sarta tumrap kaumira,2249 lan sira tumuli bakal didangu.

    45 Lan takona para utusan-Ing-sun kang Ingsun utus sadurungira; Apa Ingsun (tau) andadèkaké se-sembahan-sesembahan kang kudu dikawulani kajaba Ingkang-Maha-murah.

    RUKU’ 5

    Panglawanipun Fir’aun dhateng Kanjeng Nabi Musa

    46, 47. Fir’aun sawadyanipun anggugujeng dhateng ayahanipun Kanjeng Nabi Musa. 48-54. Tandha-tandha dipun sumerepaken, ananging tanpa damel. 55-56. Sami kinelem.

    46 Sayekti, temen Ingsun wus angutus Musa kalawan timbalan-timbalan-Ingsun marang Fir’aun sarta para pinutuwané, banjur cala-thu: Saèstu kula punika utusanipun Pangéraning ngalam sadaya.

    2248. Janji ingkang terang gamblang, ingkang anjanjèkaken badhé dhumawahipun siksa dhateng para mengsahipun Kanjeng Nabi Suci, ing wekdal sugengipun, kadhawuhaken kalayan tetembungan ingkang ceplos wonten ing ngriki. Ayat ingkang rumiyin namung nerangaken angger-angger ingkang umum bab siksanipun tiyang duraka; nadyan sasampuning séda Kanjeng Nabi pisan, tiyang duraka tetep badhé angsal siksa. Murih pratélan ingkang umum punika boten nuwuhaken kalèntu tampi, pratélan punika lajeng dipun tungka dhawah candhakipun, ingkang mangandikakaken bilih Kanjeng Nabi mesthi badhé meningi lan nyipati kalayan nétranipun piyambak sirnaning mengsah-mengsahipun. Tembung au ingkang wonten ing wiwitaning ayat punika, kula jarwani balik (malah), awit tembung aupunika manawi kanggé nyambeti ukara, tegesipun sami kaliyan tembung bal (T.S., Mugni, Q). Mirsanana LL.

    2249. Suraosipun, Quran mesthi badhé ngangkat ing ngaluhur umatipun Kanjeng Nabi; awit dhikrpunika tegesipun kaluhuran (LL).

    Ut. kaagu-ngan

  • Papaès Juz XXV 1312

    47 Bareng dhèwèké anekani mrono kalawan tandha-tandha-Ningsun, ing kono, iku padha diguguyu.

    48 Lan saben Ingsun ameruhaké tandha, iki masthi luwih gedhé tinimbang panunggalané,2250 sarta dhèwèké padha Ingsun patrapi siksa, supaya padha balia.

    49 Sarta padha calathu: É, juru-kemayan! aku suwunna marang Pangéranmu apa kang wus dijan-jèkaké ing kowé; sayekti aku iki bakal padha dadi wong kang nurut dalan bener.2251

    50 Ananging bareng siksa iku Ingsun singkiraké saka awaké, ing kono dhèwèké (banjur) padha cidra ing ubaya.

    51 Lan Fir’aun anguwuh ing wadyané, calathuné: É, wadyaku,apa karaton Mesir iku dudu kagu-nganku? Sarta kali-kali kang mili ing ngisorku iki? Lah apa kowé padha ora weruh?

    52 Rak aku luwih becik tinim-bang iki, wong kang asor sarta prasasat ora bisa calathu cetha:

    53 Lah yagéné dhèwèké ora di-anggon-anggoni gelang emas,2252

    2250. Suraosipun, tandha yekti ingkang ageng-ageng kagelaraken; saben tandhayekti mesthi langkung ageng katimbang tandhayekti ingkang sampun kagelaraken.

    2251. Prajangji ingkang sampun kaparingaken, inggih punika siksa namung badhé kadhawahaken manawi yakti punika dipun emohi. Mirsanana Pangentasan bab 8, ing ngriku tétéla bilih saben-saben raja Fir’aun kagelaran satunggaling tandhayekti piyambakipun mesthi lajeng nedha dhateng Kanjeng Nabi Musa supados nyuwunaken icalipun siksa, kanthi aprajanji piyambakipun boten badhé milawani malih dhateng Kanjeng Nabi Musa.

    2252. Panganggepipun raja Fir’aun, manawi Kanjeng Nabi Musa punika pranyata utusanipun Pangéran Ingkang-Mahaluhur, yekti panjenenganipun kajumenengaken ratu, jalaran “gelang mas”

    Ar. dhèwèké

    Ut. kaumé

  • Surat 43 Lenggahipun Kanjeng Nabi ‘Isa 1313

    utawa yagéné para malaikat ora teka anyartani dhèwèké minangka kanthi?2253

    54 Dhèwèké ambobolèhi anga-beraké atiné wadyané, iki banjur padha angèstokaké; sayekti dhè-wèké iku kaum kang padha murang yekti.

    55 Bareng dhèwèké padha aga-wé rengu-Ningsun, (banjur) padha Ingsun patrapi pidana, banjur padha Ingsun kelem kabèh,

    56 Sarta padha Ingsun dadèkaké barang kang wus kapungkur tuwin tuladhan tumrap umat kang kari-kari.

    RUKU’ 6

    Lenggahipun Kanjeng Nabi ‘Isa dados Nabi

    57-60. Boten sarjunipun tiyang Makkah dhateng Kanjeng Nabi ‘Isa. 61-62. Kanjeng Nabi ‘Isa minangka tandha cuthelipun sari’at Yahudi. 63-65. Wasitaniupun Kanjeng Nabi ‘Isa sarta kados pundi panampinipun. 66-67. Titining mangsa.

    57 Lan nalikané anak lanangé Maryam dicaritakaké gagambarané, ing kono kaumira padha anjengèk saking prakara iku.2254

    58 Sarta padha calathu: Apa se-sembahanku sing luwih becik apa dhèwèké? Olèhé padha anondèkaké

    punika mengku teges bandha ingkang kathah sanget. Dhawuh punika wigatos anerangaken bilih ingkang dipun anggé pawadan raja Fir’aun angemohi Kanjeng Nabi Musa punika sami kaliyan pawadanipun titiyang Quraisy ingkang kanggé angemohi dhateng Kanjeng Nabi Suci.

    2253. Terangipun, Kanjeng Nabi Musa yekti rawuh mawi kadhèrèkaken para malaikat, kados déné ratu kadhèrèkaken ing wadyabalanipun.

    2254. Marambah-rambah Quran nglepataken piwulang ingkang nganggep Pangéran kagungan putra. Ing surat punika ugi, ing ruku’ sadèrèngipun ruku’ ingkang wekasan piyambak, inggih wonten dhawuh ingkang nglepataken pangandel Allah puputra wau. Nanging samangsa bab prakawis Kanjeng Nabi ‘Isa katerangaken, para titiyang kafir sami mabeni dupèh Kanjeng Nabi ‘Isa angsal pangaji-aji, mangka brahala-brahalanipun dipun wada. Lah inggih makaten punika suraosipun pratélan ingkang kasebut ing ayat candhakipun: Apik endi, sesembahanku apa dhèwèké? Terangipun, manawi seesembahanipun bangsa sanès – kadosta Kanjeng Nabi ‘Isa ingkang titiyang Nasrani kaanggep dados sesembahan – angsal pangaji-aji lah punapaa sesembahanipun bangsa piyambak boten angsal pangaji-aji ugi.

  • Papaès Juz XXV 1314

    dhèwèké iku, tumrap marang sira, ora liya kajaba kanggo padudon; o, dhèwèké iku pancèn kaum kang dhemen padudon.

    59 Dhèwèké iku ora liya kajaba kawula, kang wus Ingsun paringi nugraha sarta Ingsun dadèkaké conto tumrap para turun Israil.2255

    60 Lan yèn ta Ingsun angar-sakna, amasthi (bisa) Ingsun anda-dèkaké para malaikat maréntah ing bumi ing antaranira.

    61 Lan sayekti, iku temen kawruh tumrap titining mangsa;2256mulané aja padha semang-semang marang iku, sarta padha mituruta aku: iki dalan kang bener.

    62 Sarta aja nganti sétan iku angalang-alangi sira; sayekti dhè-wèké iku tumrapé sira mungsuh kang tétéla.

    2255. Ayat punika mengku wangsulan dhateng pawadanipun titiyang Quraisy wau Kanjeng Nabi ‘Isa punika anggènipun angsal pangaji-aji boten margi dados sesembahanirun satunggaling umat, nanging margi panjenenganipun punika kawulanipun Allah ingkang tulus, ingkang sampun kaparingan nugraha Pangéran. Malah boten namung tampi nugraha kémawon Kanjeng Nabi ‘Isa punika, nanging panjenenganipun punika ugi dados contoning katulusan tumrap tiyang Israil, awit panjenenganipun punika nabi ingkang kautus dhateng titiyang Israil wau, supados dados kaca-banggala kanggé tutuladhan nindakaken katulusan. Kosokwangsulipun, para manembah-brahala malah sami nyitra titiyang agengipun pisan klelep wonten ing kanisthan. Minangka conto, sok tiyanga saged ningali wonten ing serat-seratipun Purana tiyang agami Hindu, ing ngriku sesembahan-sesembahan Hindu dalasan panunggilanipun batara Siwah pisan kawarna kados déné klelep wonten ing kanisthan ngantos cacak sadhéngah tiyang mesthi gila akipa-kipa.

    2256. Titining-Mangsa tegesipun titimangsaning pindhahipun kanabian saking dharah Israil. Makaten punika tegesipun ingkang terang sanépa pakebonan anggur ing Matteus 21: 33, Markus 12: 1, tuwin ing Lukas 20: 9, ingkang pinungkasan makaten: “Kang iku aku pitutur ing kowé yèn Karatoning Allah bakal pinundhut saka ing kowé, banjur kaparingaké marang sawijining bangsa kang angetokaké wohé” (Mat 21: 43). Sampun dangu kanabian punika lastantun wonten ing antawisipun darah Israil, sarta, kados déné ingkang kanyatan ing babad, Kanjeng Nabi ‘Isa punika nabi ingkang wekasan tumrap saréngat Musa. Punapa boten nama anèh, manawi satunggaling bangsa ingkang tansah katurunan nabi teka lajeng ngalami éwah-éwahan wigatos rawuhipun Kanjeng Nabi ‘Isa, ingkang ing sapengkeripun boten wonten nabi malih? Lah inggih kalayan teges punika Kanjeng Nabi ‘Isa dados ngélmuning sangat (titining mangsa) punika, awit sâ’ah (titining mangsa) punika ateges risakipun satunggaling umat, tumrap prakawis punika risakipun bangsa Israil.

  • Surat 43 Papanthan kalih 1315

    63 Lan nalikané ‘Isa teka kala-wan tandha-tandha yekti, acalathu: Sayekti, tekaku marang kowé kala-wan kawicaksanan, sarta supaya aku anerangna marang kowé sawe-nèhé (prakara) kang ing kono kowé padha sulaya; mulané dituhu-tuhu ing wajibmu maring Allah sarta ambangun turuta aku:

    64 Sayekti Allah iku Pangéranku lan Pangéranmu; mulané padha ngabdia Panjenengané;a iki dalan kang bener.

    65 Ananging papanthan-papan-than saka antarané dhèwèké iku padha gèsèh-gèsèh mulané cilaka tumrap para kang atindak dudu amarga saka siksa ing dina kang anglarani.

    66 Apa sing padha dientèni kajaba titining mangsa,2257 kang olèhé nekani dhèwèké bakal tanpa cacala sarta dhèwèké ora padha anggraita?

    67 Ing dina iku mitra-mitra bakal dadi mungsuh siji marang sijiné, kajaba wong kang padha anjaga dhiriné (saka ing ala).

    RUKU’ 7

    Papanthan kalih

    68-73. Ganjaranipun para angèstu. 74-78. Pidananipun piawon. 79-80. Anggènipun sami mutus. 81-82. Pambengkasing panganggep Allah puputra. 83-86. Leburipun. 87-89. Kanjeng Nabi kedah ngentosi.

    68 É, para kawula-Ku! ing dina iki ora ana kuwatir tumrapé sira sarta sira ora bakal padha susah.

    2257. Sâ’ah (titining mangsa) ing ngriki risakipun titiyang Quraisy.

    a. 1547A

  • Papaès Juz XXV 1316

    69 Para kang padha angèstu ing timbalan-timbalan-Ingsun sarta padha sumarah:

    70 Padha malebua ing taman, sira lan para bojonira;2258 sira bakal padha digawé seneng.

    71 Bakal padha diideri piring lan gelas emas, isi barang pepéngining jiwa sarta anyedhepaké mripat, lan sira bakal manggon ana ing kono.

    72 Lan iki taman kang diwaris-aké marang sira amarga saka ba-rang kang wis padha sira lakoni.2259

    73 Ana ing kono sira pinaringan wowohan sapirang-pirang, iku kang padha sira pangan.

    74 Sayekti, para wong duraka iku bakal padha manggon ing siksa na